Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #14 Translated in Jawa

قَالَ قَائِلٌ مِنْهُمْ لَا تَقْتُلُوا يُوسُفَ وَأَلْقُوهُ فِي غَيَابَتِ الْجُبِّ يَلْتَقِطْهُ بَعْضُ السَّيَّارَةِ إِنْ كُنْتُمْ فَاعِلِينَ
Dhèwèké ana siji kang cala- thu: Aja padha kopatèni Yusuf, balik cemplungna ing dhasaring luweng, yèn kowé kudu-kudu ang- laksanani , cikbèn diju- puk sawenèhing wong kang padha lalaku
قَالُوا يَا أَبَانَا مَا لَكَ لَا تَأْمَنَّا عَلَىٰ يُوسُفَ وَإِنَّا لَهُ لَنَاصِحُونَ
Dhèwèké padha calathu: Dhuh bapak, punapa ta karana- nipun, déné ingatasipun Yusuf Panjenengan boten pitajeng dha- teng kula? Mangka kula punika saèstu sami mitra darma tumrap dhateng piyambakipun
أَرْسِلْهُ مَعَنَا غَدًا يَرْتَعْ وَيَلْعَبْ وَإِنَّا لَهُ لَحَافِظُونَ
Mugi piyambakipun kadha- wuhana, tumut kula bénjing énjing, supados bingah-bingah saha dodo- lanan, saha saèstu kula ingkang sami badhé rumeksa dhateng piyambakipun
قَالَ إِنِّي لَيَحْزُنُنِي أَنْ تَذْهَبُوا بِهِ وَأَخَافُ أَنْ يَأْكُلَهُ الذِّئْبُ وَأَنْتُمْ عَنْهُ غَافِلُونَ
Calathuné: Sayekti anda- dèkaké susahku manawa dhèwèké kogawaa, sarta aku kuwatir, mana- wa dhèwèké dimangsa ing asu ajag, déning kowé padha anglir- wakaké marang dhèwèké
قَالُوا لَئِنْ أَكَلَهُ الذِّئْبُ وَنَحْنُ عُصْبَةٌ إِنَّا إِذًا لَخَاسِرُونَ
Dhèwèké padha calathu: sa- èstu, manawi sagawon ajag mang- sa piyambakipun, ing mangka kula punika sami papanthan ingkang prakosa, lah saèstu kula punika sami tiyang ingkang kapitunan

Choose other languages: