Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #15 Translated in Jawa

قَالُوا يَا أَبَانَا مَا لَكَ لَا تَأْمَنَّا عَلَىٰ يُوسُفَ وَإِنَّا لَهُ لَنَاصِحُونَ
Dhèwèké padha calathu: Dhuh bapak, punapa ta karana- nipun, déné ingatasipun Yusuf Panjenengan boten pitajeng dha- teng kula? Mangka kula punika saèstu sami mitra darma tumrap dhateng piyambakipun
أَرْسِلْهُ مَعَنَا غَدًا يَرْتَعْ وَيَلْعَبْ وَإِنَّا لَهُ لَحَافِظُونَ
Mugi piyambakipun kadha- wuhana, tumut kula bénjing énjing, supados bingah-bingah saha dodo- lanan, saha saèstu kula ingkang sami badhé rumeksa dhateng piyambakipun
قَالَ إِنِّي لَيَحْزُنُنِي أَنْ تَذْهَبُوا بِهِ وَأَخَافُ أَنْ يَأْكُلَهُ الذِّئْبُ وَأَنْتُمْ عَنْهُ غَافِلُونَ
Calathuné: Sayekti anda- dèkaké susahku manawa dhèwèké kogawaa, sarta aku kuwatir, mana- wa dhèwèké dimangsa ing asu ajag, déning kowé padha anglir- wakaké marang dhèwèké
قَالُوا لَئِنْ أَكَلَهُ الذِّئْبُ وَنَحْنُ عُصْبَةٌ إِنَّا إِذًا لَخَاسِرُونَ
Dhèwèké padha calathu: sa- èstu, manawi sagawon ajag mang- sa piyambakipun, ing mangka kula punika sami papanthan ingkang prakosa, lah saèstu kula punika sami tiyang ingkang kapitunan
فَلَمَّا ذَهَبُوا بِهِ وَأَجْمَعُوا أَنْ يَجْعَلُوهُ فِي غَيَابَتِ الْجُبِّ ۚ وَأَوْحَيْنَا إِلَيْهِ لَتُنَبِّئَنَّهُمْ بِأَمْرِهِمْ هَٰذَا وَهُمْ لَا يَشْعُرُونَ
Lah bareng padha lunga, kalawan dhèwèké, sarta padha go- long arep anyemplungaké dhèwèké marang dhasaring luweng, banjur Ingsun aparing sabda marang dhè- wèké: Sayekti sira bakal anjlèn- trèhaké marang dhèwèké ing pra- karané iki, sarta dhèwèké padha ora anggraita

Choose other languages: