Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #61 Translated in Jawa

وَلَأَجْرُ الْآخِرَةِ خَيْرٌ لِلَّذِينَ آمَنُوا وَكَانُوا يَتَّقُونَ
Lan sayekti ganjaran akhirat iku luwih becik tumrap para kang padha angestu sarta kang padha prayitna
وَجَاءَ إِخْوَةُ يُوسُفَ فَدَخَلُوا عَلَيْهِ فَعَرَفَهُمْ وَهُمْ لَهُ مُنْكِرُونَ
Lan saduluré Yusuf padha teka, banjur padha marek marang dhèwèké, lan dhèwèké weruh marang para saduluré nanging iki marang dhèwèké padha pangling
وَلَمَّا جَهَّزَهُمْ بِجَهَازِهِمْ قَالَ ائْتُونِي بِأَخٍ لَكُمْ مِنْ أَبِيكُمْ ۚ أَلَا تَرَوْنَ أَنِّي أُوفِي الْكَيْلَ وَأَنَا خَيْرُ الْمُنْزِلِينَ
Lan bareng anggoné dhèwèké anyadhiyani gawané-pangan wis sumadhiya, acalathu: Tekakna mréné sadulurmu siji kang saka bapakmu; apa kowé padha ora weruh, yèn aku iki aga- nep ing taker sarta aku iki becik- beciké wong kang padha nampani dhayoh
فَإِنْ لَمْ تَأْتُونِي بِهِ فَلَا كَيْلَ لَكُمْ عِنْدِي وَلَا تَقْرَبُونِ
Lah manawa kowé ora padha anekakaké dhèwèké marang aku kéné, kowé ya ora bakal padha olèh taker saka ing aku sarta ora bakal padha olèh marek aku
قَالُوا سَنُرَاوِدُ عَنْهُ أَبَاهُ وَإِنَّا لَفَاعِلُونَ
Padha matur: Kula sami badhé angangkah, amurih bapak- ipun tumiyunga manahipun angu- lungaken piyambakipun, lan saèstu kula sami badhé nindakaken

Choose other languages: