Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #7 Translated in Jawa

نَحْنُ نَقُصُّ عَلَيْكَ أَحْسَنَ الْقَصَصِ بِمَا أَوْحَيْنَا إِلَيْكَ هَٰذَا الْقُرْآنَ وَإِنْ كُنْتَ مِنْ قَبْلِهِ لَمِنَ الْغَافِلِينَ
Ingsun anerangaké marang sira kalawan becik-beciking katra- ngan asarana anggon-Ingsun amedharaké marang sira Quran iki, sanajan ta ing sadurungé iki sira iku temen éwoné wong kang padha ora anggraita
إِذْ قَالَ يُوسُفُ لِأَبِيهِ يَا أَبَتِ إِنِّي رَأَيْتُ أَحَدَ عَشَرَ كَوْكَبًا وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ رَأَيْتُهُمْ لِي سَاجِدِينَ
Nalikané Yusuf calathu ma- rang bapakné: O, bapak! saèstu kula sumerep lintang sawelas sarta surya tuwin rembulan – paningal kula, punika sami sujud dhateng kula
قَالَ يَا بُنَيَّ لَا تَقْصُصْ رُؤْيَاكَ عَلَىٰ إِخْوَتِكَ فَيَكِيدُوا لَكَ كَيْدًا ۖ إِنَّ الشَّيْطَانَ لِلْإِنْسَانِ عَدُوٌّ مُبِينٌ
Calathuné: O, anakku! aja kok caritakaké impènmu iku marang sadulur-sadulurmu, mundhak padha agawé paéka marang kowé; sayekti sétan iku tumraping manusa mung- suh kang cetha
وَكَذَٰلِكَ يَجْتَبِيكَ رَبُّكَ وَيُعَلِّمُكَ مِنْ تَأْوِيلِ الْأَحَادِيثِ وَيُتِمُّ نِعْمَتَهُ عَلَيْكَ وَعَلَىٰ آلِ يَعْقُوبَ كَمَا أَتَمَّهَا عَلَىٰ أَبَوَيْكَ مِنْ قَبْلُ إِبْرَاهِيمَ وَإِسْحَاقَ ۚ إِنَّ رَبَّكَ عَلِيمٌ حَكِيمٌ
Lan kaya mangkono, Pangé- ranmu bakal amiji kowé lan mulang kowé prakara anerangaké wicara, sarta bakal anyampurnak- aké nugraha-Né marang kowé lan marang tedhaké Ya’qub, kaya ang- goné Panjenengané wus anyam- purnakaké marang bapa-bapamu ing biyèn, Ibrahim lan Ishaq; sayekti Pangéranmu iku Anguda- nèni, Wicaksana
لَقَدْ كَانَ فِي يُوسُفَ وَإِخْوَتِهِ آيَاتٌ لِلسَّائِلِينَ
Sayekti temen ana ing Yusuf lan para saduluré iku ana tandha- tandha tumrap wong kang padha takon

Choose other languages: