Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #8 Translated in Jawa

إِذْ قَالَ يُوسُفُ لِأَبِيهِ يَا أَبَتِ إِنِّي رَأَيْتُ أَحَدَ عَشَرَ كَوْكَبًا وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ رَأَيْتُهُمْ لِي سَاجِدِينَ
Nalikané Yusuf calathu ma- rang bapakné: O, bapak! saèstu kula sumerep lintang sawelas sarta surya tuwin rembulan – paningal kula, punika sami sujud dhateng kula
قَالَ يَا بُنَيَّ لَا تَقْصُصْ رُؤْيَاكَ عَلَىٰ إِخْوَتِكَ فَيَكِيدُوا لَكَ كَيْدًا ۖ إِنَّ الشَّيْطَانَ لِلْإِنْسَانِ عَدُوٌّ مُبِينٌ
Calathuné: O, anakku! aja kok caritakaké impènmu iku marang sadulur-sadulurmu, mundhak padha agawé paéka marang kowé; sayekti sétan iku tumraping manusa mung- suh kang cetha
وَكَذَٰلِكَ يَجْتَبِيكَ رَبُّكَ وَيُعَلِّمُكَ مِنْ تَأْوِيلِ الْأَحَادِيثِ وَيُتِمُّ نِعْمَتَهُ عَلَيْكَ وَعَلَىٰ آلِ يَعْقُوبَ كَمَا أَتَمَّهَا عَلَىٰ أَبَوَيْكَ مِنْ قَبْلُ إِبْرَاهِيمَ وَإِسْحَاقَ ۚ إِنَّ رَبَّكَ عَلِيمٌ حَكِيمٌ
Lan kaya mangkono, Pangé- ranmu bakal amiji kowé lan mulang kowé prakara anerangaké wicara, sarta bakal anyampurnak- aké nugraha-Né marang kowé lan marang tedhaké Ya’qub, kaya ang- goné Panjenengané wus anyam- purnakaké marang bapa-bapamu ing biyèn, Ibrahim lan Ishaq; sayekti Pangéranmu iku Anguda- nèni, Wicaksana
لَقَدْ كَانَ فِي يُوسُفَ وَإِخْوَتِهِ آيَاتٌ لِلسَّائِلِينَ
Sayekti temen ana ing Yusuf lan para saduluré iku ana tandha- tandha tumrap wong kang padha takon
إِذْ قَالُوا لَيُوسُفُ وَأَخُوهُ أَحَبُّ إِلَىٰ أَبِينَا مِنَّا وَنَحْنُ عُصْبَةٌ إِنَّ أَبَانَا لَفِي ضَلَالٍ مُبِينٍ
Nalika padha calathu: Temen Yusuf lan saduluré iku luwih kasihan marang bapak tinimbang aku kabèh, mangka aku kabèh iki papanthan : sayekti bapak iki temen dumunung ing sasar kang tétéla

Choose other languages: