Quran Apps in many lanuages:

Surah Ya-Seen Ayahs #71 Translated in Jawa

وَلَوْ نَشَاءُ لَمَسَخْنَاهُمْ عَلَىٰ مَكَانَتِهِمْ فَمَا اسْتَطَاعُوا مُضِيًّا وَلَا يَرْجِعُونَ
Upama ana kersaningsun, wong kafir mau Ingsun salini rupa (dadi kethek, celeng, utawa watu) mesthi kelako ana panggonane banjur padha ora bisa mlaku utawa bali dadi wong maneh
وَمَنْ نُعَمِّرْهُ نُنَكِّسْهُ فِي الْخَلْقِ ۖ أَفَلَا يَعْقِلُونَ
Sing sapa Ingsun paringi dawa umure, sawise katok rasane lan kabeh bahe, banjur Ingsun balekake dadi bocah maneh. Ya gene padha ora anggagas
وَمَا عَلَّمْنَاهُ الشِّعْرَ وَمَا يَنْبَغِي لَهُ ۚ إِنْ هُوَ إِلَّا ذِكْرٌ وَقُرْآنٌ مُبِينٌ
Ingsun ora mulang tembang/syair (marang Muhammad), saiba dheweke (Muhammad) ora bisa nganggit tembang. Dene kang didhawuhake iki dudu tembang, nanging Kitab al-Qur’an isi dhawuhing Allah marang manungsa
لِيُنْذِرَ مَنْ كَانَ حَيًّا وَيَحِقَّ الْقَوْلُ عَلَى الْكَافِرِينَ
Kanggo ngelingake wongkang akale urip, lan majibake siksa wong kang atine mati yaiku para wong kafir
أَوَلَمْ يَرَوْا أَنَّا خَلَقْنَا لَهُمْ مِمَّا عَمِلَتْ أَيْدِينَا أَنْعَامًا فَهُمْ لَهَا مَالِكُونَ
Wong kafir padha ora ndeleng yen sarupaning rajakaya iku gawene Ingsun dhewe, mongka Ingsun parengake migunani marang manugnsa, banjur handarbeni

Choose other languages: