Quran Apps in many lanuages:

Surah Ya-Seen Ayahs #73 Translated in Jawa

وَمَا عَلَّمْنَاهُ الشِّعْرَ وَمَا يَنْبَغِي لَهُ ۚ إِنْ هُوَ إِلَّا ذِكْرٌ وَقُرْآنٌ مُبِينٌ
Ingsun ora mulang tembang/syair (marang Muhammad), saiba dheweke (Muhammad) ora bisa nganggit tembang. Dene kang didhawuhake iki dudu tembang, nanging Kitab al-Qur’an isi dhawuhing Allah marang manungsa
لِيُنْذِرَ مَنْ كَانَ حَيًّا وَيَحِقَّ الْقَوْلُ عَلَى الْكَافِرِينَ
Kanggo ngelingake wongkang akale urip, lan majibake siksa wong kang atine mati yaiku para wong kafir
أَوَلَمْ يَرَوْا أَنَّا خَلَقْنَا لَهُمْ مِمَّا عَمِلَتْ أَيْدِينَا أَنْعَامًا فَهُمْ لَهَا مَالِكُونَ
Wong kafir padha ora ndeleng yen sarupaning rajakaya iku gawene Ingsun dhewe, mongka Ingsun parengake migunani marang manugnsa, banjur handarbeni
وَذَلَّلْنَاهَا لَهُمْ فَمِنْهَا رَكُوبُهُمْ وَمِنْهَا يَأْكُلُونَ
Rajakaya mau Ingsun gawe manut miturut marang manungsa, malah ana kang dadi tetunggangane, lan ana kang dibeleh, daginge dipangan
وَلَهُمْ فِيهَا مَنَافِعُ وَمَشَارِبُ ۖ أَفَلَا يَشْكُرُونَ
Perangane rajakaya akeh kang migunani marang manungsa (wulune kena ginawe sandhangan) pohane dadi omben - ombene, ya gene padha syukur

Choose other languages: