Quran Apps in many lanuages:

Surah Ya-Seen Ayahs #52 Translated in Jawa

وَيَقُولُونَ مَتَىٰ هَٰذَا الْوَعْدُ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
(Wong kafir) padha celathu, "Menawa kandamu yen wong kanf wis padha mati bakal padha diuripake maneh iku temen, mara besuk apa kelakone
مَا يَنْظُرُونَ إِلَّا صَيْحَةً وَاحِدَةً تَأْخُذُهُمْ وَهُمْ يَخِصِّمُونَ
(Wong kafir mau) ora liwat mung ngenteni pathakke (malaikat Israfil) pathak kang sapisan bahe wong sahisine jagad mati kabeh, ketungkul anggone padha grejegan
فَلَا يَسْتَطِيعُونَ تَوْصِيَةً وَلَا إِلَىٰ أَهْلِهِمْ يَرْجِعُونَ
Mulane padha ora bisa mekas apa - apa, lan sawise mati padha ora bisa bali marang donya ketemu sanak sedulure
وَنُفِخَ فِي الصُّورِ فَإِذَا هُمْ مِنَ الْأَجْدَاثِ إِلَىٰ رَبِّهِمْ يَنْسِلُونَ
(Malaikat Israfil) banjur handamu sempronge kang hisi nyawane para manungsa, ingkono wong kang mati padha tangi kabeh, metu saka ing kuburane padha digiring seba ing ngeyunaning Pangeran
قَالُوا يَا وَيْلَنَا مَنْ بَعَثَنَا مِنْ مَرْقَدِنَا ۜ ۗ هَٰذَا مَا وَعَدَ الرَّحْمَٰنُ وَصَدَقَ الْمُرْسَلُونَ
Banjur padha celathu (wong kafir), "Haduh, cilaka temen aku sapa kang nangekake aku saka anggonku turu", Hiya kang diprasetyakake dening Pangeran kang Maha Murah, saiki tetela pangandikaning para rasul biyen temen

Choose other languages: