Quran Apps in many lanuages:

Surah Ya-Seen Ayahs #30 Translated in Jawa

قِيلَ ادْخُلِ الْجَنَّةَ ۖ قَالَ يَا لَيْتَ قَوْمِي يَعْلَمُونَ
(Wong mau banjur dipateni dening wong Intoqiah, bareng wis mate) wong mau tompa dhawuh, "Sira malebua ing suwarga". Wong mau banjur celathu, "Para kancaku sapungkurku muga - muga padha weruha
بِمَا غَفَرَ لِي رَبِّي وَجَعَلَنِي مِنَ الْمُكْرَمِينَ
Allah anggone wis paring pangapura marang aku, lan handadekake aku hewone wong mulya
وَمَا أَنْزَلْنَا عَلَىٰ قَوْمِهِ مِنْ بَعْدِهِ مِنْ جُنْدٍ مِنَ السَّمَاءِ وَمَا كُنَّا مُنْزِلِينَ
Sawise mati (Ingsun numpes ummat mau) tanpa nurunake bala saka langit, mulane Ingsun hiya ora nurunake bala saka langit (Malaikat)
إِنْ كَانَتْ إِلَّا صَيْحَةً وَاحِدَةً فَإِذَا هُمْ خَامِدُونَ
Panumpase (ummat mahu) mung sarana pathake (Malaikat Jibril) sapisan bahe, tumuli dheweke wis padha mati kabeh
يَا حَسْرَةً عَلَى الْعِبَادِ ۚ مَا يَأْتِيهِمْ مِنْ رَسُولٍ إِلَّا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ
Para kawulaning Allah (kang getun sajeke) saben katekan rasul mesthi padha anggeguyu marang rasul mahu

Choose other languages: