Quran Apps in many lanuages:

Surah Ya-Seen Ayahs #31 Translated in Jawa

بِمَا غَفَرَ لِي رَبِّي وَجَعَلَنِي مِنَ الْمُكْرَمِينَ
Allah anggone wis paring pangapura marang aku, lan handadekake aku hewone wong mulya
وَمَا أَنْزَلْنَا عَلَىٰ قَوْمِهِ مِنْ بَعْدِهِ مِنْ جُنْدٍ مِنَ السَّمَاءِ وَمَا كُنَّا مُنْزِلِينَ
Sawise mati (Ingsun numpes ummat mau) tanpa nurunake bala saka langit, mulane Ingsun hiya ora nurunake bala saka langit (Malaikat)
إِنْ كَانَتْ إِلَّا صَيْحَةً وَاحِدَةً فَإِذَا هُمْ خَامِدُونَ
Panumpase (ummat mahu) mung sarana pathake (Malaikat Jibril) sapisan bahe, tumuli dheweke wis padha mati kabeh
يَا حَسْرَةً عَلَى الْعِبَادِ ۚ مَا يَأْتِيهِمْ مِنْ رَسُولٍ إِلَّا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ
Para kawulaning Allah (kang getun sajeke) saben katekan rasul mesthi padha anggeguyu marang rasul mahu
أَلَمْ يَرَوْا كَمْ أَهْلَكْنَا قَبْلَهُمْ مِنَ الْقُرُونِ أَنَّهُمْ إِلَيْهِمْ لَا يَرْجِعُونَ
Wong kafir apa ora padha handeleng, pira bahe akehe para ummat ing zaman kuna, sadurunge kang padha Ingsun tumpes, dheweke mahu ora pisan bali (marang donya)

Choose other languages: