Quran Apps in many lanuages:

Surah Ya-Seen Ayahs #17 Translated in Jawa

وَاضْرِبْ لَهُمْ مَثَلًا أَصْحَابَ الْقَرْيَةِ إِذْ جَاءَهَا الْمُرْسَلُونَ
Lan sira anggelara upama marang para ummatira (ing negara Inthoqiyah) nalika ditekani para kongkonane Nabi (Isa)
إِذْ أَرْسَلْنَا إِلَيْهِمُ اثْنَيْنِ فَكَذَّبُوهُمَا فَعَزَّزْنَا بِثَالِثٍ فَقَالُوا إِنَّا إِلَيْكُمْ مُرْسَلُونَ
Dehek samana Ingsun ngutus wong loro (aran Yuhana lan Baulus) wong ing kono padha maido marang utusaningsun loro mahu. Mulane Ingsun banjur ngutus wong siji maneh dadi wong telu. Wong telu mau banjur padha pratela, "Aku iki utusaning Allah dikersakake mulang marang kowe kabeh
قَالُوا مَا أَنْتُمْ إِلَّا بَشَرٌ مِثْلُنَا وَمَا أَنْزَلَ الرَّحْمَٰنُ مِنْ شَيْءٍ إِنْ أَنْتُمْ إِلَّا تَكْذِبُونَ
Padha mangsuli, "Pamanggih kula sampeyan niku inggih sami kaliyan kula kemawon, Pangeran Ingkang Maha Murah inggih boten dhawuh punapa - punapa. Dados sampeyan punika tetela dora
قَالُوا رَبُّنَا يَعْلَمُ إِنَّا إِلَيْكُمْ لَمُرْسَلُونَ
(Rasul telu) padha mangsuli, "Sanadiyan kowe padha maido, nanging Allah Pangeranku nguningani anggonku temen diutus Allah nyurub-nyurubake marang kowe
وَمَا عَلَيْنَا إِلَّا الْبَلَاغُ الْمُبِينُ
Wajibku ora ana maneh mung handhawuhake parentahing Allah

Choose other languages: