Quran Apps in many lanuages:

Surah Sad Ayahs #12 Translated in Jawa

أَأُنْزِلَ عَلَيْهِ الذِّكْرُ مِنْ بَيْنِنَا ۚ بَلْ هُمْ فِي شَكٍّ مِنْ ذِكْرِي ۖ بَلْ لَمَّا يَذُوقُوا عَذَابِ
Apa (Muhammad) diparingi al-Quran dening Allah? Kang mongka iku mung sapapake wong bahe. Pangandikaning Allah, "Si kafir padha mamang marang al-Quran kang Ingsun dhawuhake apa dupeh durung ngrasakake siksaningsun
أَمْ عِنْدَهُمْ خَزَائِنُ رَحْمَةِ رَبِّكَ الْعَزِيزِ الْوَهَّابِ
Apa si kafir nyekel gedhong pasimpenane rahmate Pangeranira kang menang tur wenang paring marang wong kang dadi parenging kersane
أَمْ لَهُمْ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۖ فَلْيَرْتَقُوا فِي الْأَسْبَابِ
Apa wong kafir iku duwe keraon bumi lan langit, nguwasani barang kang ana antarane (mesthi ora) yen padha ngaku duwe maa padha munggaha ing ondho menyang langit
جُنْدٌ مَا هُنَالِكَ مَهْزُومٌ مِنَ الْأَحْزَابِ
(Si kafir iku kawula kang asor) mulane sak pantho prajurit kang gedhe kang ana ing kono saka golongan - golongan kang ngumpul bakal kalah
كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوحٍ وَعَادٌ وَفِرْعَوْنُ ذُو الْأَوْتَادِ
Akeh ummat padha maido ing rasul sadurunge dheweke umate Nuh, ’Aad, Fira’un kang duwe wadya bala akeh

Choose other languages: