Quran Apps in many lanuages:

Surah Sad Ayahs #15 Translated in Jawa

جُنْدٌ مَا هُنَالِكَ مَهْزُومٌ مِنَ الْأَحْزَابِ
(Si kafir iku kawula kang asor) mulane sak pantho prajurit kang gedhe kang ana ing kono saka golongan - golongan kang ngumpul bakal kalah
كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوحٍ وَعَادٌ وَفِرْعَوْنُ ذُو الْأَوْتَادِ
Akeh ummat padha maido ing rasul sadurunge dheweke umate Nuh, ’Aad, Fira’un kang duwe wadya bala akeh
وَثَمُودُ وَقَوْمُ لُوطٍ وَأَصْحَابُ الْأَيْكَةِ ۚ أُولَٰئِكَ الْأَحْزَابُ
Wong Tsamud maido ing Sholih, ummate Luth lan panduduk Aikah (maido ing Su’aib) kabeh kang kasebut mau duwe bala akeh
إِنْ كُلٌّ إِلَّا كَذَّبَ الرُّسُلَ فَحَقَّ عِقَابِ
Siji - sijine ummat samono mau padha maido para rasul, mulane wis benerre ngrasakake siksaningsun
وَمَا يَنْظُرُ هَٰؤُلَاءِ إِلَّا صَيْحَةً وَاحِدَةً مَا لَهَا مِنْ فَوَاقٍ
Wong kafir padha ngenteni pangundange (malaikat) sapisan besuk dina qiyamat banjur mati ora bisa bali marang donya

Choose other languages: