Quran Apps in many lanuages:

Surah Sad Ayahs #75 Translated in Jawa

إِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلَائِكَةِ إِنِّي خَالِقٌ بَشَرًا مِنْ طِينٍ
Para malaikat anggone padha bantah - bantahan mau ceritane mangkene, Allah dhawuh (Dhek samana Pangeranira ngandika marang para malaikat) Ingsun gawe manugsa saka lemah
فَإِذَا سَوَّيْتُهُ وَنَفَخْتُ فِيهِ مِنْ رُوحِي فَقَعُوا لَهُ سَاجِدِينَ
Bareng wis dadai, sarta wis Ingsun panjingi ruh peparing Ingsun, maungsa banjur urip. Ingsun banjur dhawuh marang para malaikat, "Sira padha sumungkema sujud marang manungsa (Adam)
فَسَجَدَ الْمَلَائِكَةُ كُلُّهُمْ أَجْمَعُونَ
Para malaikat kabeh banjur padha sungkem
إِلَّا إِبْلِيسَ اسْتَكْبَرَ وَكَانَ مِنَ الْكَافِرِينَ
Kajaba mung Iblis, iku gumedhe. Mopo ora gelem sujud banjur dadi kafir
قَالَ يَا إِبْلِيسُ مَا مَنَعَكَ أَنْ تَسْجُدَ لِمَا خَلَقْتُ بِيَدَيَّ ۖ أَسْتَكْبَرْتَ أَمْ كُنْتَ مِنَ الْعَالِينَ
Allah duka, Pangandikane, "He Iblis apa sebabe dene sira teka mopo (mogok) sujud marang manungsa, kang Ingsun gawe kelawan astaningsun pribadi. Sira rumongsa gedhe apa luhur, ngungkuli liyane

Choose other languages: