Quran Apps in many lanuages:

Surah Sad Ayahs #77 Translated in Jawa

فَسَجَدَ الْمَلَائِكَةُ كُلُّهُمْ أَجْمَعُونَ
Para malaikat kabeh banjur padha sungkem
إِلَّا إِبْلِيسَ اسْتَكْبَرَ وَكَانَ مِنَ الْكَافِرِينَ
Kajaba mung Iblis, iku gumedhe. Mopo ora gelem sujud banjur dadi kafir
قَالَ يَا إِبْلِيسُ مَا مَنَعَكَ أَنْ تَسْجُدَ لِمَا خَلَقْتُ بِيَدَيَّ ۖ أَسْتَكْبَرْتَ أَمْ كُنْتَ مِنَ الْعَالِينَ
Allah duka, Pangandikane, "He Iblis apa sebabe dene sira teka mopo (mogok) sujud marang manungsa, kang Ingsun gawe kelawan astaningsun pribadi. Sira rumongsa gedhe apa luhur, ngungkuli liyane
قَالَ أَنَا خَيْرٌ مِنْهُ ۖ خَلَقْتَنِي مِنْ نَارٍ وَخَلَقْتَهُ مِنْ طِينٍ
Iblim munjuk, "Kawula punika langkung sahe, ngungkuli manungsa. Hawit Paduka handadosaken kawula saking latu, lan handadosaken maungsa saking siti
قَالَ فَاخْرُجْ مِنْهَا فَإِنَّكَ رَجِيمٌ
Allah ngandika, "He Iblis, sira lungaha saka langit, sira kena dedukaningsun

Choose other languages: