Quran Apps in many lanuages:

Surah Sad Ayahs #32 Translated in Jawa

أَمْ نَجْعَلُ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ كَالْمُفْسِدِينَ فِي الْأَرْضِ أَمْ نَجْعَلُ الْمُتَّقِينَ كَالْفُجَّارِ
Para wong mukmin kang padha ngelakoni panggawe becik apa Ingsun gawe padha wae karo wong kang gawe rusak ana bumi? Apa wong kang bekti iku wong hala? (Panemune si kafir iku memper wae ora)
كِتَابٌ أَنْزَلْنَاهُ إِلَيْكَ مُبَارَكٌ لِيَدَّبَّرُوا آيَاتِهِ وَلِيَتَذَكَّرَ أُولُو الْأَلْبَابِ
Al-Quran iki kitab kang Ingsun dhawuhake marang sira (Muhammad) becike lan pigunane akeh supaya manungsa padha ngrasakake surasaning ayate. Wong kang duwe akal padha ngestokna
وَوَهَبْنَا لِدَاوُودَ سُلَيْمَانَ ۚ نِعْمَ الْعَبْدُ ۖ إِنَّهُ أَوَّابٌ
Lan Ingsun paringi kanugrahan marang Dawud anak lanang aran Sulaiman, kawulaning Allah kang sholih awit banget sumungkeme ing Allah
إِذْ عُرِضَ عَلَيْهِ بِالْعَشِيِّ الصَّافِنَاتُ الْجِيَادُ
Dhek semana nuju wayah lingsir Sulaiman meriksa jaran jarahan. Yen meneng, menenge anteng, yen mlayu luwih dening rikat. (jaran mau cacah becik - becik kabeh. Ketungkul anggone mriksa ngati surup srengenge kelalen ora sholat ashar)
فَقَالَ إِنِّي أَحْبَبْتُ حُبَّ الْخَيْرِ عَنْ ذِكْرِ رَبِّي حَتَّىٰ تَوَارَتْ بِالْحِجَابِ
(Sulaiman banget nelongso ing Pangeran) Pangucape, "Aku iki arep demen jaran nganti kelimput elingku ing Pangeranku nganti surupe srengenge

Choose other languages: