Quran Apps in many lanuages:

Surah Saba Ayahs #13 Translated in Jawa

أَفَلَمْ يَرَوْا إِلَىٰ مَا بَيْنَ أَيْدِيهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ مِنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ ۚ إِنْ نَشَأْ نَخْسِفْ بِهِمُ الْأَرْضَ أَوْ نُسْقِطْ عَلَيْهِمْ كِسَفًا مِنَ السَّمَاءِ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لِكُلِّ عَبْدٍ مُنِيبٍ
Ya gene wong kafir padha ora deleng bumi lan langitk kang ana ngarepe lan burine? Kabeh kagungane Ingsun. Menawa ana parenge Ingsun wong kafir mau diuntal bumi, utawa diudane gempalaning langti, mesthi kelakon. Kang kaya mangkono mahu tumrap kawulaningsun kang sumungkem, mesthi dadi tandha yekti kuwasaningsun
وَلَقَدْ آتَيْنَا دَاوُودَ مِنَّا فَضْلًا ۖ يَا جِبَالُ أَوِّبِي مَعَهُ وَالطَّيْرَ ۖ وَأَلَنَّا لَهُ الْحَدِيدَ
Ingsun maringi kaluwihan marang Dawud (Pangandikaningsun), "He gunung lan manuk kabeh sira melha Dawud padha nyebuta Maha Suci marang Ingsun." Lan anglemesake wesi ana ing tangane (Dawud)
أَنِ اعْمَلْ سَابِغَاتٍ وَقَدِّرْ فِي السَّرْدِ ۖ وَاعْمَلُوا صَالِحًا ۖ إِنِّي بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
Yaiku gawea kelambi wesi tranjangane kang rapet. Sira lan kancanira padha nglakonono penggawe becik. Ingsun iki mirsani samu barang kang padha sira lakoni
وَلِسُلَيْمَانَ الرِّيحَ غُدُوُّهَا شَهْرٌ وَرَوَاحُهَا شَهْرٌ ۖ وَأَسَلْنَا لَهُ عَيْنَ الْقِطْرِ ۖ وَمِنَ الْجِنِّ مَنْ يَعْمَلُ بَيْنَ يَدَيْهِ بِإِذْنِ رَبِّهِ ۖ وَمَنْ يَزِغْ مِنْهُمْ عَنْ أَمْرِنَا نُذِقْهُ مِنْ عَذَابِ السَّعِيرِ
Ingsun maringi bala angin marang Sulaiman, lakune angin mau satengah dina wiwit esuk padha lelakon sesasi, awit tengahe tekan surup uga kelakon sesai. Lan maneh Ingsun ndhelikake tembaga mili saka ing pelikane kaya kali (kanggo butuhe Sulaiman) apa dene Sulaiman Ingsun wenangake marintah sarupaning Jin. Sawenehing jin mahu ana kang nyambut gawe ngelakoni perintahe Sulaiman kelawan izining Pangerane. Jin mau sing sapa hambangkan parintah Ingsun, banjur Ingsun weruhake siksane neraka Sa’ir
يَعْمَلُونَ لَهُ مَا يَشَاءُ مِنْ مَحَارِيبَ وَتَمَاثِيلَ وَجِفَانٍ كَالْجَوَابِ وَقُدُورٍ رَاسِيَاتٍ ۚ اعْمَلُوا آلَ دَاوُودَ شُكْرًا ۚ وَقَلِيلٌ مِنْ عِبَادِيَ الشَّكُورُ
Jin mahu padha ngestokake dhawuhe SUlaiman, kang gawekake pirang - pirang masjid, reca, belumbang, kendhil gedhe banget, nganti ora kena dielih. He para kawula-wargane nabi Dawud sira padha ngelakonana syukur ing Allah. Para kawulaningsun kang syukur mung sethithik

Choose other languages: