Quran Apps in many lanuages:

Surah Muhammad Ayahs #8 Translated in Jawa

فَإِذَا لَقِيتُمُ الَّذِينَ كَفَرُوا فَضَرْبَ الرِّقَابِ حَتَّىٰ إِذَا أَثْخَنْتُمُوهُمْ فَشُدُّوا الْوَثَاقَ فَإِمَّا مَنًّا بَعْدُ وَإِمَّا فِدَاءً حَتَّىٰ تَضَعَ الْحَرْبُ أَوْزَارَهَا ۚ ذَٰلِكَ وَلَوْ يَشَاءُ اللَّهُ لَانْتَصَرَ مِنْهُمْ وَلَٰكِنْ لِيَبْلُوَ بَعْضَكُمْ بِبَعْضٍ ۗ وَالَّذِينَ قُتِلُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ فَلَنْ يُضِلَّ أَعْمَالَهُمْ
Mulane manawa sira katemu mungsuh wong kafir (ana peperangan) banjur padha sira kethok gulune. Dene yen wis akeh kang mathi padha dadekna tawanan wae. Kena uga banjur sira hapura (huculake) utawa ditebus. Mangkono iku tindakna nganti tekan rampunge perang. Upama ana keparenging ALlah wong kafir padha ditumpes mesthi kelakon. Nanging ora mangkono, anggone dhawuh perang kanggo handadar para mukmin kang setia tuhu. Dene kang mati perang ana dhalaning Allah ora bakal hanjugarake anggone padha nglakoni panggawe becik
سَيَهْدِيهِمْ وَيُصْلِحُ بَالَهُمْ
Allah mesthi paring pituduh bener an becikake lakune
وَيُدْخِلُهُمُ الْجَنَّةَ عَرَّفَهَا لَهُمْ
Apadene ngunggahake ing suwarga lan mratakake panggonane
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنْ تَنْصُرُوا اللَّهَ يَنْصُرْكُمْ وَيُثَبِّتْ أَقْدَامَكُمْ
Para wong kang percaya, menawa sira bantu utusaning Allah (anggone gelarake agama Islam) Allah mesthi paring pituduh marang sira lan netepake delmakanira (keyakinanmu)
وَالَّذِينَ كَفَرُوا فَتَعْسًا لَهُمْ وَأَضَلَّ أَعْمَالَهُمْ
Dene para kang pada kafir padha kapitunan, Allah bakal nglarutake ganjarane anggone padha nglakone penggawe becik

Choose other languages: