Quran Apps in many lanuages:

Surah Maryam Ayahs #9 Translated in Jawa

وَإِنِّي خِفْتُ الْمَوَالِيَ مِنْ وَرَائِي وَكَانَتِ امْرَأَتِي عَاقِرًا فَهَبْ لِي مِنْ لَدُنْكَ وَلِيًّا
Sarta saestunipun kawula kuwatos dhateng ahli waris kawula (ajrih boten leres anggenipun nyepeng khilafah) sapengker kawula, ing mangka simah kawula punika gabug. Jalaran saking punika, muga Panjenengan paring dhateng kawula sesulih (anak ingkang karidhan) saking ngarsa Panjenengan
يَرِثُنِي وَيَرِثُ مِنْ آلِ يَعْقُوبَ ۖ وَاجْعَلْهُ رَبِّ رَضِيًّا
Anak kala wau ingkang badhe nampi warisan saking kawula tuwin saking kulawarga Ya’qub, sarta mugi Panjenengan dadosaken lare ingkang pikantuk karidhan Panjenengan, dhuh Pangeran kwula
يَا زَكَرِيَّا إِنَّا نُبَشِّرُكَ بِغُلَامٍ اسْمُهُ يَحْيَىٰ لَمْ نَجْعَلْ لَهُ مِنْ قَبْلُ سَمِيًّا
(Dhawuhe Allah), "He Zakariya, satemene Ingsun paring pawarta bungah marang sira bakal keparingan anak aran Yahya. Sadurunge iku, ora ana wong siji - sijiya kang Ingsun paringi jeneng kaya mangkono
قَالَ رَبِّ أَنَّىٰ يَكُونُ لِي غُلَامٌ وَكَانَتِ امْرَأَتِي عَاقِرًا وَقَدْ بَلَغْتُ مِنَ الْكِبَرِ عِتِيًّا
Nabi Zakariya munjuk, "Dhuh Pangeran kawula. Kados pundi kawula badhe gadhah anak, ing mangka semah kawula punika gabug, tuwin kawula sampun sepuh banget
قَالَ كَذَٰلِكَ قَالَ رَبُّكَ هُوَ عَلَيَّ هَيِّنٌ وَقَدْ خَلَقْتُكَ مِنْ قَبْلُ وَلَمْ تَكُ شَيْئًا
Allah paring pangandika minangka wangsulan marang Nabi Zakariya, "Mula bener mengkono. Pangeranmu wis dhawuh, "Perkara iku gampang utumrap Ingsun, lan satemene Ingsun wis nitahake sira sadurunge Yahya, sarta sira uga durung dadi apa - apa (Pangeranmu iya kuwasa)

Choose other languages: