Quran Apps in many lanuages:

Surah Maryam Ayahs #12 Translated in Jawa

قَالَ رَبِّ أَنَّىٰ يَكُونُ لِي غُلَامٌ وَكَانَتِ امْرَأَتِي عَاقِرًا وَقَدْ بَلَغْتُ مِنَ الْكِبَرِ عِتِيًّا
Nabi Zakariya munjuk, "Dhuh Pangeran kawula. Kados pundi kawula badhe gadhah anak, ing mangka semah kawula punika gabug, tuwin kawula sampun sepuh banget
قَالَ كَذَٰلِكَ قَالَ رَبُّكَ هُوَ عَلَيَّ هَيِّنٌ وَقَدْ خَلَقْتُكَ مِنْ قَبْلُ وَلَمْ تَكُ شَيْئًا
Allah paring pangandika minangka wangsulan marang Nabi Zakariya, "Mula bener mengkono. Pangeranmu wis dhawuh, "Perkara iku gampang utumrap Ingsun, lan satemene Ingsun wis nitahake sira sadurunge Yahya, sarta sira uga durung dadi apa - apa (Pangeranmu iya kuwasa)
قَالَ رَبِّ اجْعَلْ لِي آيَةً ۚ قَالَ آيَتُكَ أَلَّا تُكَلِّمَ النَّاسَ ثَلَاثَ لَيَالٍ سَوِيًّا
Nabi Zakariya matur, "Dhuh Pangeran kawula, mugi panjenengan paring tetenger dhateng kawula". Pangandikane Allah, "Iya, tandha yekti sira bakal duwe anak lanang mengkene: sajrone telung dina telung bengi, sira aja caturan karo manungsa, tur kowe ora lara apa - apa (ora bisu)
فَخَرَجَ عَلَىٰ قَوْمِهِ مِنَ الْمِحْرَابِ فَأَوْحَىٰ إِلَيْهِمْ أَنْ سَبِّحُوا بُكْرَةً وَعَشِيًّا
Nabi Zakariya banjur metu saka ing Pangimaman (mikhrab, panggonan anggone munajat), ketemu para kaume. Sarehning ora pareng guneman, mula mung aweh isyarat marang para kaume, "Sira kabeh padha shalata (Maha sucekake marang Allah) saben isuk lan sore
يَا يَحْيَىٰ خُذِ الْكِتَابَ بِقُوَّةٍ ۖ وَآتَيْنَاهُ الْحُكْمَ صَبِيًّا
(Ringkese Nabi Zakariya duwe anak lanang sarta banjur dijenengake Yahya). Yahya mau Ingsun junjung dadi Nabi, Ingsun paringi kawicaksana, tur isih bocah. Pangandikaningsun, "He yahya, saiki sira nyekela (amalna) kitab Taurat klawan temen - temen

Choose other languages: