Quran Apps in many lanuages:

Surah Maryam Ayahs #19 Translated in Jawa

وَسَلَامٌ عَلَيْهِ يَوْمَ وُلِدَ وَيَوْمَ يَمُوتُ وَيَوْمَ يُبْعَثُ حَيًّا
Nabi yahya mau Ingsun paringi selamet saka sakehing ribet wiwit nalika metu saka ing guwa-garbane keng ibu, lan nalika tumekane janji (sedane) sarta besuk nalikane Ingsun uripake, tangi saka ing pati
وَاذْكُرْ فِي الْكِتَابِ مَرْيَمَ إِذِ انْتَبَذَتْ مِنْ أَهْلِهَا مَكَانًا شَرْقِيًّا
He Muhammad, sira nyritakna lelakone Maryam ana ing kitab (al-Qur’an), nalika dheweke (Maryam) dhelik anenepi (sumungkir) ana ing panggonan sawetane Baitul Muqaddas saka para kawulawargane
فَاتَّخَذَتْ مِنْ دُونِهِمْ حِجَابًا فَأَرْسَلْنَا إِلَيْهَا رُوحَنَا فَتَمَثَّلَ لَهَا بَشَرًا سَوِيًّا
Dheweke (Maryam) mau nuli gawe aling - aling, dienggo ngaling - alingi para kawulawargane. Ingsun nuli ngutus Malaikat Jibril supaya nemoni Maryam, sarta tekane Jibril iku nyaru arupa manungsa kang sampurna
قَالَتْ إِنِّي أَعُوذُ بِالرَّحْمَٰنِ مِنْكَ إِنْ كُنْتَ تَقِيًّا
Maryam banjur matur marang Malaikat Jibril, "Sayektosipun kula nyuwun reksa dhateng Ingkang Maha Welas saking panjenengan, menawi panjenengan bekti dhateng Panjenenganipun Allah, sampun ngantos kenging paggodha jalaran panjenengan
قَالَ إِنَّمَا أَنَا رَسُولُ رَبِّكِ لِأَهَبَ لَكِ غُلَامًا زَكِيًّا
(Malaikat Jibril mangsuli), "Sajatosipun kula punika satunggaling Utusanipun Pangeran Panjenengan, supados kula paring satunggaling putra jaler dhateng panjenengan ingkang suci

Choose other languages: