Quran Apps in many lanuages:

Surah Ibrahim Ayahs #42 Translated in Jawa

رَبَّنَا إِنَّكَ تَعْلَمُ مَا نُخْفِي وَمَا نُعْلِنُ ۗ وَمَا يَخْفَىٰ عَلَى اللَّهِ مِنْ شَيْءٍ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِي السَّمَاءِ
Dhuh Pangéran kawula! sa- èstu, Tuwan punika angudanèni punapa ingkang sami kawula singidaken saha punapa ingkang sami kawula wedharaken, sarta ingatasipun Allah boten wonten ingkang kasamaran samukawis ingkang wonten ing bumi sarta ingkang wonten ing langit
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي وَهَبَ لِي عَلَى الْكِبَرِ إِسْمَاعِيلَ وَإِسْحَاقَ ۚ إِنَّ رَبِّي لَسَمِيعُ الدُّعَاءِ
Sadaya pangalembana kagu- nganipun Allah ingkang sampun amaringi Isma’il saha Ishaq dha- teng kawula ing sepuh ; saèstu Pangéran kawula punika temen Ingkang-Midhanget- aken panyuwun
رَبِّ اجْعَلْنِي مُقِيمَ الصَّلَاةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِي ۚ رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاءِ
Pangéran kawula! mugi ka- wula Tuwan dadosaken tiyang ingkang ajumenengaken salat, saha turun-turun kawula ; dhuh Pangéran kawula, mugi Tuwan anyembadani panyuwun kawula
رَبَّنَا اغْفِرْ لِي وَلِوَالِدَيَّ وَلِلْمُؤْمِنِينَ يَوْمَ يَقُومُ الْحِسَابُ
Dhuh Pangéran kawula, mugi Tuwan aparing pangayomana dha- teng kawula, saha dhateng tiyang sepuh kawula tuwin dhateng para angestu ing dinten adeging péta- ngan
وَلَا تَحْسَبَنَّ اللَّهَ غَافِلًا عَمَّا يَعْمَلُ الظَّالِمُونَ ۚ إِنَّمَا يُؤَخِّرُهُمْ لِيَوْمٍ تَشْخَصُ فِيهِ الْأَبْصَارُ
Lan aja sira ngira, manawa Allah iku léna marang apa pang- gawéné para wong kang atindak dudu: Panjenengané mung aparing sumené marang dhèwèké tumeka ing dina kang ing kono mripat- mripat bakal padha mandeng

Choose other languages: