Quran Apps in many lanuages:

Surah Ibrahim Ayahs #36 Translated in Jawa

اللَّهُ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَأَنْزَلَ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَأَخْرَجَ بِهِ مِنَ الثَّمَرَاتِ رِزْقًا لَكُمْ ۖ وَسَخَّرَ لَكُمُ الْفُلْكَ لِتَجْرِيَ فِي الْبَحْرِ بِأَمْرِهِ ۖ وَسَخَّرَ لَكُمُ الْأَنْهَارَ
Allah iku Kang anitahaké langit-langit lan bumi sarta anurun- aké banyu saka ing mendhung, banjur didamel angetokaké wowo- han, minongka rijeki tumrap marang sira, sarta Panjenengané andadèkaké prau alaladi marang sira, amrih padha lumaku ing sagara kalawan paréntahé Panjene- ngané, apa déné Panjenengané andadèkaké kali-kali padha laladi marang sira
وَسَخَّرَ لَكُمُ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ دَائِبَيْنِ ۖ وَسَخَّرَ لَكُمُ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ
Lan Panjenengané andadèk- aké sréngéngé lan rembulan alaladi marang sira, sakaroné padha lumaku manut dalané, apa déné Panjenengané andadèkaké wengi lan raina alaladi marang sira
وَآتَاكُمْ مِنْ كُلِّ مَا سَأَلْتُمُوهُ ۚ وَإِنْ تَعُدُّوا نِعْمَتَ اللَّهِ لَا تُحْصُوهَا ۗ إِنَّ الْإِنْسَانَ لَظَلُومٌ كَفَّارٌ
Lan Panjenengané amaringi sira sarupané barang panyuwunira ing Panjenengané; lan lamun sira padha angitunga nugrahaning Allah, iku sira ora bisa ngétung; sayekti, manusa iku banget ang- goné atindak dudu, banget ora duwé panarima
وَإِذْ قَالَ إِبْرَاهِيمُ رَبِّ اجْعَلْ هَٰذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنِي وَبَنِيَّ أَنْ نَعْبُدَ الْأَصْنَامَ
Lan nalikané Ibrahim munjuk: Pangéran kawula! mugi nagari punika Tuwan dadosaken kerta, saha mugi kawula tuwin anak-anak kawula Tuwan tebihaken saking angawulani bra- hala-brahala
رَبِّ إِنَّهُنَّ أَضْلَلْنَ كَثِيرًا مِنَ النَّاسِ ۖ فَمَنْ تَبِعَنِي فَإِنَّهُ مِنِّي ۖ وَمَنْ عَصَانِي فَإِنَّكَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Pangéran kawula! saèstu, punika sampun anasaraken titiyang kathah; milanipun sinten ing- kang manut ing kawula, saèstu pu- nika golongan kawula, lan sinten ingkang ambangkang ing kawula, lah saèstu Tuwan punika Apara- marta, Mahaasih

Choose other languages: