Quran Apps in many lanuages:

Surah Ibrahim Ayahs #39 Translated in Jawa

وَإِذْ قَالَ إِبْرَاهِيمُ رَبِّ اجْعَلْ هَٰذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنِي وَبَنِيَّ أَنْ نَعْبُدَ الْأَصْنَامَ
Lan nalikané Ibrahim munjuk: Pangéran kawula! mugi nagari punika Tuwan dadosaken kerta, saha mugi kawula tuwin anak-anak kawula Tuwan tebihaken saking angawulani bra- hala-brahala
رَبِّ إِنَّهُنَّ أَضْلَلْنَ كَثِيرًا مِنَ النَّاسِ ۖ فَمَنْ تَبِعَنِي فَإِنَّهُ مِنِّي ۖ وَمَنْ عَصَانِي فَإِنَّكَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Pangéran kawula! saèstu, punika sampun anasaraken titiyang kathah; milanipun sinten ing- kang manut ing kawula, saèstu pu- nika golongan kawula, lan sinten ingkang ambangkang ing kawula, lah saèstu Tuwan punika Apara- marta, Mahaasih
رَبَّنَا إِنِّي أَسْكَنْتُ مِنْ ذُرِّيَّتِي بِوَادٍ غَيْرِ ذِي زَرْعٍ عِنْدَ بَيْتِكَ الْمُحَرَّمِ رَبَّنَا لِيُقِيمُوا الصَّلَاةَ فَاجْعَلْ أَفْئِدَةً مِنَ النَّاسِ تَهْوِي إِلَيْهِمْ وَارْزُقْهُمْ مِنَ الثَّمَرَاتِ لَعَلَّهُمْ يَشْكُرُونَ
Dhuh, Pangéran kawula! saèstu, kawula angenggènaken sapérangan ing turun kawula ing jujurang ingkang boten wonten wedalipun wowohan, ing sacelak- ipun padaleman Tuwan ingkang Sinuci,a Pangéran kawula! amurih piyambakipun sami anjumenengna salat, milanipun mugi manah- manahipun para titiyang sami Tuwan dadosaken tumiyung dha- teng piyambakipun, saha mugi sami Tuwan rijekèni wowohan; darapon sami atura panuwun
رَبَّنَا إِنَّكَ تَعْلَمُ مَا نُخْفِي وَمَا نُعْلِنُ ۗ وَمَا يَخْفَىٰ عَلَى اللَّهِ مِنْ شَيْءٍ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِي السَّمَاءِ
Dhuh Pangéran kawula! sa- èstu, Tuwan punika angudanèni punapa ingkang sami kawula singidaken saha punapa ingkang sami kawula wedharaken, sarta ingatasipun Allah boten wonten ingkang kasamaran samukawis ingkang wonten ing bumi sarta ingkang wonten ing langit
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي وَهَبَ لِي عَلَى الْكِبَرِ إِسْمَاعِيلَ وَإِسْحَاقَ ۚ إِنَّ رَبِّي لَسَمِيعُ الدُّعَاءِ
Sadaya pangalembana kagu- nganipun Allah ingkang sampun amaringi Isma’il saha Ishaq dha- teng kawula ing sepuh ; saèstu Pangéran kawula punika temen Ingkang-Midhanget- aken panyuwun

Choose other languages: