Quran Apps in many lanuages:

Surah Ibrahim Ayahs #22 Translated in Jawa

مَثَلُ الَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ ۖ أَعْمَالُهُمْ كَرَمَادٍ اشْتَدَّتْ بِهِ الرِّيحُ فِي يَوْمٍ عَاصِفٍ ۖ لَا يَقْدِرُونَ مِمَّا كَسَبُوا عَلَىٰ شَيْءٍ ۚ ذَٰلِكَ هُوَ الضَّلَالُ الْبَعِيدُ
Sanépané para kang padha kafir marang Pangérané: pang- gawé-panggawéné kaya déné awu kang katiyup ing angin ing dina sindhung riwut, dhèwèké ora bakal bisa nguwasani sathithik-thithika marang barang kang wus pina- kolih; iki sasar kang adoh
أَلَمْ تَرَ أَنَّ اللَّهَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ بِالْحَقِّ ۚ إِنْ يَشَأْ يُذْهِبْكُمْ وَيَأْتِ بِخَلْقٍ جَدِيدٍ
Apa sira ora weruh, yèn Allah wus anitahaké langit-langit lan bumi kalayan yakti? Manawa Panjenengané angarsakna, Panje- nengané amundhut sira sarta anekakaké titah kang anyar
وَمَا ذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ بِعَزِيزٍ
Lan iki ora angèl ingatasé Allah
وَبَرَزُوا لِلَّهِ جَمِيعًا فَقَالَ الضُّعَفَاءُ لِلَّذِينَ اسْتَكْبَرُوا إِنَّا كُنَّا لَكُمْ تَبَعًا فَهَلْ أَنْتُمْ مُغْنُونَ عَنَّا مِنْ عَذَابِ اللَّهِ مِنْ شَيْءٍ ۚ قَالُوا لَوْ هَدَانَا اللَّهُ لَهَدَيْنَاكُمْ ۖ سَوَاءٌ عَلَيْنَا أَجَزِعْنَا أَمْ صَبَرْنَا مَا لَنَا مِنْ مَحِيصٍ
Lan dhèwèké bakal padha ngaton ing ngarsaning Allah kabèh, banjur para kang apes bakal calathu marang para kang padha gumedhé: Sayekti aku biyèn padha pandhèrèkmu, lah apa kowé padha bisa anulak siksaning Allah sa- thithik-sathithik saka ing aku? Bakal padha calathu: Mungguh Allah anuntuna aku, amasthi aku padha anuntun ing kowé; padha baé ingatasé aku kabèh, apa aku padha ora sabar apa padha sabar; aku padha ora duwé pangungsén
وَقَالَ الشَّيْطَانُ لَمَّا قُضِيَ الْأَمْرُ إِنَّ اللَّهَ وَعَدَكُمْ وَعْدَ الْحَقِّ وَوَعَدْتُكُمْ فَأَخْلَفْتُكُمْ ۖ وَمَا كَانَ لِيَ عَلَيْكُمْ مِنْ سُلْطَانٍ إِلَّا أَنْ دَعَوْتُكُمْ فَاسْتَجَبْتُمْ لِي ۖ فَلَا تَلُومُونِي وَلُومُوا أَنْفُسَكُمْ ۖ مَا أَنَا بِمُصْرِخِكُمْ وَمَا أَنْتُمْ بِمُصْرِخِيَّ ۖ إِنِّي كَفَرْتُ بِمَا أَشْرَكْتُمُونِ مِنْ قَبْلُ ۗ إِنَّ الظَّالِمِينَ لَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ
Lan sétan bakal calathu bareng prakara wis kaputus: Sayekti Allah wis anjanjèni kowé janji nyata, lan aku iya anjanjèni kowé, ananging kowé padha dak- cidrani, lan ingatasé marang kowé aku ora duwé purba wisé- sa ananging marang kowé aku mung ajak-ajak, kowé banjur padha miturut marang aku; mulané aja padha anutuh aku, lan padha nutuha awakmu dhéwé: Ora bisa aku dadi réwangmu lan iya ora bisa kowé padha dadi réwang- ku: sayekti, aku anyélaki marang anggonmu padha anyakuthokaké aku ing biyèn; sayekti, para wong atindak dudu kang bakal padha olèh bagèan siksa kang nglarani

Choose other languages: