Quran Apps in many lanuages:

Surah Ibrahim Ayahs #24 Translated in Jawa

وَمَا ذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ بِعَزِيزٍ
Lan iki ora angèl ingatasé Allah
وَبَرَزُوا لِلَّهِ جَمِيعًا فَقَالَ الضُّعَفَاءُ لِلَّذِينَ اسْتَكْبَرُوا إِنَّا كُنَّا لَكُمْ تَبَعًا فَهَلْ أَنْتُمْ مُغْنُونَ عَنَّا مِنْ عَذَابِ اللَّهِ مِنْ شَيْءٍ ۚ قَالُوا لَوْ هَدَانَا اللَّهُ لَهَدَيْنَاكُمْ ۖ سَوَاءٌ عَلَيْنَا أَجَزِعْنَا أَمْ صَبَرْنَا مَا لَنَا مِنْ مَحِيصٍ
Lan dhèwèké bakal padha ngaton ing ngarsaning Allah kabèh, banjur para kang apes bakal calathu marang para kang padha gumedhé: Sayekti aku biyèn padha pandhèrèkmu, lah apa kowé padha bisa anulak siksaning Allah sa- thithik-sathithik saka ing aku? Bakal padha calathu: Mungguh Allah anuntuna aku, amasthi aku padha anuntun ing kowé; padha baé ingatasé aku kabèh, apa aku padha ora sabar apa padha sabar; aku padha ora duwé pangungsén
وَقَالَ الشَّيْطَانُ لَمَّا قُضِيَ الْأَمْرُ إِنَّ اللَّهَ وَعَدَكُمْ وَعْدَ الْحَقِّ وَوَعَدْتُكُمْ فَأَخْلَفْتُكُمْ ۖ وَمَا كَانَ لِيَ عَلَيْكُمْ مِنْ سُلْطَانٍ إِلَّا أَنْ دَعَوْتُكُمْ فَاسْتَجَبْتُمْ لِي ۖ فَلَا تَلُومُونِي وَلُومُوا أَنْفُسَكُمْ ۖ مَا أَنَا بِمُصْرِخِكُمْ وَمَا أَنْتُمْ بِمُصْرِخِيَّ ۖ إِنِّي كَفَرْتُ بِمَا أَشْرَكْتُمُونِ مِنْ قَبْلُ ۗ إِنَّ الظَّالِمِينَ لَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ
Lan sétan bakal calathu bareng prakara wis kaputus: Sayekti Allah wis anjanjèni kowé janji nyata, lan aku iya anjanjèni kowé, ananging kowé padha dak- cidrani, lan ingatasé marang kowé aku ora duwé purba wisé- sa ananging marang kowé aku mung ajak-ajak, kowé banjur padha miturut marang aku; mulané aja padha anutuh aku, lan padha nutuha awakmu dhéwé: Ora bisa aku dadi réwangmu lan iya ora bisa kowé padha dadi réwang- ku: sayekti, aku anyélaki marang anggonmu padha anyakuthokaké aku ing biyèn; sayekti, para wong atindak dudu kang bakal padha olèh bagèan siksa kang nglarani
وَأُدْخِلَ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا بِإِذْنِ رَبِّهِمْ ۖ تَحِيَّتُهُمْ فِيهَا سَلَامٌ
Lan para kang padha angèstu lan padha alaku becik padha dilebokaké ing patamanan, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili, padha manggon ing kono kalawan idining Pangérané; pakurmaté ana ing kono: Rahayu
أَلَمْ تَرَ كَيْفَ ضَرَبَ اللَّهُ مَثَلًا كَلِمَةً طَيِّبَةً كَشَجَرَةٍ طَيِّبَةٍ أَصْلُهَا ثَابِتٌ وَفَرْعُهَا فِي السَّمَاءِ
Apa sira ora animbang- nimbang, kapriyé anggoné Allah wus adamel sanépané sabda utama, kaya déné wit kang becik kang oyodé kukuh lan kang pang- pangé dhuwur

Choose other languages: