Quran Apps in many lanuages:

Surah Fussilat Ayahs #51 Translated in Jawa

إِلَيْهِ يُرَدُّ عِلْمُ السَّاعَةِ ۚ وَمَا تَخْرُجُ مِنْ ثَمَرَاتٍ مِنْ أَكْمَامِهَا وَمَا تَحْمِلُ مِنْ أُنْثَىٰ وَلَا تَضَعُ إِلَّا بِعِلْمِهِ ۚ وَيَوْمَ يُنَادِيهِمْ أَيْنَ شُرَكَائِي قَالُوا آذَنَّاكَ مَا مِنَّا مِنْ شَهِيدٍ
Kaweruh bakal kelakone dina Qiyamat disumanggakake ing Allah, mangkono maneh paparinging woh - wohan saka ing kembange lan enggal lawase wenangane wong wadon apa dene dina lahiring bayi, iku kabeh Allah musthi nguningani. Besuk Qiyamat Allah ndangu marang wong mangro tingal, "Hendi rupane brahala kang jarene dadi titimbanganmu?" padha mangsuli, "Kawula sadaya mboten sami mestani bilih Paduka punika wonten ingkan nimbangi
وَضَلَّ عَنْهُمْ مَا كَانُوا يَدْعُونَ مِنْ قَبْلُ ۖ وَظَنُّوا مَا لَهُمْ مِنْ مَحِيصٍ
Sarupane brahala kang padha disembah dening wong kafir biyen padha ora ana ing kono, wong kafir padha rumongso ora ana maneh dalan metu
لَا يَسْأَمُ الْإِنْسَانُ مِنْ دُعَاءِ الْخَيْرِ وَإِنْ مَسَّهُ الشَّرُّ فَيَئُوسٌ قَنُوطٌ
Para manungsa tansah nyuwun kabegjan menawa kambuh ing reribed, banjur sirna pangarep - arepe marang asihe Allah
وَلَئِنْ أَذَقْنَاهُ رَحْمَةً مِنَّا مِنْ بَعْدِ ضَرَّاءَ مَسَّتْهُ لَيَقُولَنَّ هَٰذَا لِي وَمَا أَظُنُّ السَّاعَةَ قَائِمَةً وَلَئِنْ رُجِعْتُ إِلَىٰ رَبِّي إِنَّ لِي عِنْدَهُ لَلْحُسْنَىٰ ۚ فَلَنُنَبِّئَنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِمَا عَمِلُوا وَلَنُذِيقَنَّهُمْ مِنْ عَذَابٍ غَلِيظٍ
Manungsa iku manawa mentas nandhang sangsara banjur Ingsun paringi weruh rasaning kabegjan banjur padha ngucap iki wis benere duwekku. Aku ora ngandel yen dina Qiyamat bakal kelakon, manawa aku dihimpun marang ngarsane mesthi mung becik. (Pangandikaning Allah) Para wong kafir bakal Ingsun weleh - welehake anggone padha nglakoni hala ana ing donya, lan bakal Ingsun paringi weruh rasaning siksa kang abot
وَإِذَا أَنْعَمْنَا عَلَى الْإِنْسَانِ أَعْرَضَ وَنَأَىٰ بِجَانِبِهِ وَإِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ فَذُو دُعَاءٍ عَرِيضٍ
Nalika Ingsun paring kabungahan marang manungsa, ora gedhe panarimane, malah ora syukur mung gumedhe. Kabungahan mau diaku duweke dhewe. Dene manawa kambuh reribed banjur nyenyuwun ing Allah kelawan akeh - akeh

Choose other languages: