Quran Apps in many lanuages:

Surah Fussilat Ayahs #53 Translated in Jawa

لَا يَسْأَمُ الْإِنْسَانُ مِنْ دُعَاءِ الْخَيْرِ وَإِنْ مَسَّهُ الشَّرُّ فَيَئُوسٌ قَنُوطٌ
Para manungsa tansah nyuwun kabegjan menawa kambuh ing reribed, banjur sirna pangarep - arepe marang asihe Allah
وَلَئِنْ أَذَقْنَاهُ رَحْمَةً مِنَّا مِنْ بَعْدِ ضَرَّاءَ مَسَّتْهُ لَيَقُولَنَّ هَٰذَا لِي وَمَا أَظُنُّ السَّاعَةَ قَائِمَةً وَلَئِنْ رُجِعْتُ إِلَىٰ رَبِّي إِنَّ لِي عِنْدَهُ لَلْحُسْنَىٰ ۚ فَلَنُنَبِّئَنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِمَا عَمِلُوا وَلَنُذِيقَنَّهُمْ مِنْ عَذَابٍ غَلِيظٍ
Manungsa iku manawa mentas nandhang sangsara banjur Ingsun paringi weruh rasaning kabegjan banjur padha ngucap iki wis benere duwekku. Aku ora ngandel yen dina Qiyamat bakal kelakon, manawa aku dihimpun marang ngarsane mesthi mung becik. (Pangandikaning Allah) Para wong kafir bakal Ingsun weleh - welehake anggone padha nglakoni hala ana ing donya, lan bakal Ingsun paringi weruh rasaning siksa kang abot
وَإِذَا أَنْعَمْنَا عَلَى الْإِنْسَانِ أَعْرَضَ وَنَأَىٰ بِجَانِبِهِ وَإِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ فَذُو دُعَاءٍ عَرِيضٍ
Nalika Ingsun paring kabungahan marang manungsa, ora gedhe panarimane, malah ora syukur mung gumedhe. Kabungahan mau diaku duweke dhewe. Dene manawa kambuh reribed banjur nyenyuwun ing Allah kelawan akeh - akeh
قُلْ أَرَأَيْتُمْ إِنْ كَانَ مِنْ عِنْدِ اللَّهِ ثُمَّ كَفَرْتُمْ بِهِ مَنْ أَضَلُّ مِمَّنْ هُوَ فِي شِقَاقٍ بَعِيدٍ
(Muhammad) dhawuha, "Padha pikiren manawa al-Quran iku temen terang saka ngarsane ALlah kangmongka kowe padha maido al-Quran, "Sapa kang luwih kesasar tinimbang kowe? Awit kalebu nyulayani banget marang bener
سَنُرِيهِمْ آيَاتِنَا فِي الْآفَاقِ وَفِي أَنْفُسِهِمْ حَتَّىٰ يَتَبَيَّنَ لَهُمْ أَنَّهُ الْحَقُّ ۗ أَوَلَمْ يَكْفِ بِرَبِّكَ أَنَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ شَهِيدٌ
Ingsun bakal nuntunake marang wong kafir, ayatingsun pirang - pirang kang ana salumahing bumi lan kang ana ing awake dhewe nganti terang gamblang yen al-Quran temen saka Allah. Mungguh Pangeranira anggone mirsani samu barang iku wae apa ora wis cukup kanggo tondho

Choose other languages: