Quran Apps in many lanuages:

Surah Fussilat Ayahs #44 Translated in Jawa

إِنَّ الَّذِينَ يُلْحِدُونَ فِي آيَاتِنَا لَا يَخْفَوْنَ عَلَيْنَا ۗ أَفَمَنْ يُلْقَىٰ فِي النَّارِ خَيْرٌ أَمْ مَنْ يَأْتِي آمِنًا يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۚ اعْمَلُوا مَا شِئْتُمْ ۖ إِنَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
Sarupane wong kang padha maido ayatingsun, ora pisan kasamaran mesthi Ingsun wales sapatute. Wong kang dicemplungake ing neraka, becik endi karo wong kang slamet besuk Qiyamat. Sarehne wis Ingsun terangake mulane manungsa padha nglakonana sakarepe. Satemene Allah iku miyarsani samu barang kang padha sira lakoni
إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِالذِّكْرِ لَمَّا جَاءَهُمْ ۖ وَإِنَّهُ لَكِتَابٌ عَزِيزٌ
Sarupane wong kang katekan al-Quran banjur maido, bakal langsung patrapi siksa. Awit iku kitab kang mulya
لَا يَأْتِيهِ الْبَاطِلُ مِنْ بَيْنِ يَدَيْهِ وَلَا مِنْ خَلْفِهِ ۖ تَنْزِيلٌ مِنْ حَكِيمٍ حَمِيدٍ
Durung tahu ana kitab kang memeca anggorohake al-Quran saka buri (sak durunge) utawa saka ngarep (sak wise) al-Quran iki tinurunake saka ngarsaning Pangeran kang wicaksana, pantes pinuji
مَا يُقَالُ لَكَ إِلَّا مَا قَدْ قِيلَ لِلرُّسُلِ مِنْ قَبْلِكَ ۚ إِنَّ رَبَّكَ لَذُو مَغْفِرَةٍ وَذُو عِقَابٍ أَلِيمٍ
(Muhammad) Samu barang kang tinakokake marang sira mesthi wis tahu ditakokake marang para Rasul sadurunge. Saemene Allah Pangeranira iku ngapura kaluputane para wong mukmin, lan niksa wong kafir kelawan siksa kang nglarani
وَلَوْ جَعَلْنَاهُ قُرْآنًا أَعْجَمِيًّا لَقَالُوا لَوْلَا فُصِّلَتْ آيَاتُهُ ۖ أَأَعْجَمِيٌّ وَعَرَبِيٌّ ۗ قُلْ هُوَ لِلَّذِينَ آمَنُوا هُدًى وَشِفَاءٌ ۖ وَالَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ فِي آذَانِهِمْ وَقْرٌ وَهُوَ عَلَيْهِمْ عَمًى ۚ أُولَٰئِكَ يُنَادَوْنَ مِنْ مَكَانٍ بَعِيدٍ
Upama al-Quran iki Ingsun gawe tembung ’ajam (dudu tembung Arab) wong kafri mesthi celathu, "Ya gene al-Quran iku teka ora diterangake tembunge, Ya gene nabi Arab teka anggelarake al-Quran dudu tembung Arab". (Muhammad) sira dhawuha, "al-QUran iku tumrap wong mukmin pituduh kang bener lan dadi tambaning lara. Wong kang ora ngandle al-Qiran kupinge abot (bunthet wonten sumbatane). Al-Quran tumrap wong kafir prasasat pepeteng, koyo diundang saka panggonan kang adoh ora krungu lan ora weruh

Choose other languages: