Quran Apps in many lanuages:

Surah Fussilat Ayahs #46 Translated in Jawa

لَا يَأْتِيهِ الْبَاطِلُ مِنْ بَيْنِ يَدَيْهِ وَلَا مِنْ خَلْفِهِ ۖ تَنْزِيلٌ مِنْ حَكِيمٍ حَمِيدٍ
Durung tahu ana kitab kang memeca anggorohake al-Quran saka buri (sak durunge) utawa saka ngarep (sak wise) al-Quran iki tinurunake saka ngarsaning Pangeran kang wicaksana, pantes pinuji
مَا يُقَالُ لَكَ إِلَّا مَا قَدْ قِيلَ لِلرُّسُلِ مِنْ قَبْلِكَ ۚ إِنَّ رَبَّكَ لَذُو مَغْفِرَةٍ وَذُو عِقَابٍ أَلِيمٍ
(Muhammad) Samu barang kang tinakokake marang sira mesthi wis tahu ditakokake marang para Rasul sadurunge. Saemene Allah Pangeranira iku ngapura kaluputane para wong mukmin, lan niksa wong kafir kelawan siksa kang nglarani
وَلَوْ جَعَلْنَاهُ قُرْآنًا أَعْجَمِيًّا لَقَالُوا لَوْلَا فُصِّلَتْ آيَاتُهُ ۖ أَأَعْجَمِيٌّ وَعَرَبِيٌّ ۗ قُلْ هُوَ لِلَّذِينَ آمَنُوا هُدًى وَشِفَاءٌ ۖ وَالَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ فِي آذَانِهِمْ وَقْرٌ وَهُوَ عَلَيْهِمْ عَمًى ۚ أُولَٰئِكَ يُنَادَوْنَ مِنْ مَكَانٍ بَعِيدٍ
Upama al-Quran iki Ingsun gawe tembung ’ajam (dudu tembung Arab) wong kafri mesthi celathu, "Ya gene al-Quran iku teka ora diterangake tembunge, Ya gene nabi Arab teka anggelarake al-Quran dudu tembung Arab". (Muhammad) sira dhawuha, "al-QUran iku tumrap wong mukmin pituduh kang bener lan dadi tambaning lara. Wong kang ora ngandle al-Qiran kupinge abot (bunthet wonten sumbatane). Al-Quran tumrap wong kafir prasasat pepeteng, koyo diundang saka panggonan kang adoh ora krungu lan ora weruh
وَلَقَدْ آتَيْنَا مُوسَى الْكِتَابَ فَاخْتُلِفَ فِيهِ ۗ وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِنْ رَبِّكَ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ ۚ وَإِنَّهُمْ لَفِي شَكٍّ مِنْهُ مُرِيبٍ
Ingsun temen wis paring Kitab Taurat marang Musa para ummate banjur padha sulaya ana kang ngandle lan maido ora beda al-Quran iki. Upama aja ana pangandikaning Allah Pangeranira kang surasane Allah bakal anyaritakake siksa. Wong Bani Israil mesthi wis dirampungi perkarane ana donya. Satemene wong Bani Israi padha mamang sumelang marang kitab Taurat
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا فَلِنَفْسِهِ ۖ وَمَنْ أَسَاءَ فَعَلَيْهَا ۗ وَمَا رَبُّكَ بِظَلَّامٍ لِلْعَبِيدِ
Sapa ngelakoni panggawe becik ganjarane bakal ditampani dhewe, dene sing sapa ngelakoni apnggawe hala, patrapane hiya bakal disonggo dhewe. Allah Pangeranira ora pisan nganiaya marang kawulane

Choose other languages: