Quran Apps in many lanuages:

Surah Fussilat Ayahs #36 Translated in Jawa

نُزُلًا مِنْ غَفُورٍ رَحِيمٍ
Sadaya punika paparingipun Pangeran ingkang sifat ngapura tur Maha Asih
وَمَنْ أَحْسَنُ قَوْلًا مِمَّنْ دَعَا إِلَى اللَّهِ وَعَمِلَ صَالِحًا وَقَالَ إِنَّنِي مِنَ الْمُسْلِمِينَ
Ora ana wong kang luwih becik pangucape ngungkuli wong kang celuk - celuk nyembah ing Allah, sarta ngelakoni panggawe becik. Pangucape, "Aku hewone wong Islam
وَلَا تَسْتَوِي الْحَسَنَةُ وَلَا السَّيِّئَةُ ۚ ادْفَعْ بِالَّتِي هِيَ أَحْسَنُ فَإِذَا الَّذِي بَيْنَكَ وَبَيْنَهُ عَدَاوَةٌ كَأَنَّهُ وَلِيٌّ حَمِيمٌ
Hala lan becik ora padha mesthi ana andha usuke. Sira nampika barang kang hala miliha kang luwih becik. Nanging terkadang ana satrunira iku banget kaya sedulur sinarawedi
وَمَا يُلَقَّاهَا إِلَّا الَّذِينَ صَبَرُوا وَمَا يُلَقَّاهَا إِلَّا ذُو حَظٍّ عَظِيمٍ
Ora ana wong bisa nampik barang kang hala milih kang luwih becik, kajaba wong kang padha shabar tetek atine, lan ora ana bisa mangkono mau kajaba wong kang duwe pulung munggahing suwarga kang agung
وَإِمَّا يَنْزَغَنَّكَ مِنَ الشَّيْطَانِ نَزْغٌ فَاسْتَعِذْ بِاللَّهِ ۖ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
Manawa syetan ing sira ngajak ngelerokake pitutur murih nampik kang becik sira nyuwuna pangayoman lan nyuwuna pitulungane Allah

Choose other languages: