Quran Apps in many lanuages:

Surah Fussilat Ayahs #39 Translated in Jawa

وَمَا يُلَقَّاهَا إِلَّا الَّذِينَ صَبَرُوا وَمَا يُلَقَّاهَا إِلَّا ذُو حَظٍّ عَظِيمٍ
Ora ana wong bisa nampik barang kang hala milih kang luwih becik, kajaba wong kang padha shabar tetek atine, lan ora ana bisa mangkono mau kajaba wong kang duwe pulung munggahing suwarga kang agung
وَإِمَّا يَنْزَغَنَّكَ مِنَ الشَّيْطَانِ نَزْغٌ فَاسْتَعِذْ بِاللَّهِ ۖ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
Manawa syetan ing sira ngajak ngelerokake pitutur murih nampik kang becik sira nyuwuna pangayoman lan nyuwuna pitulungane Allah
وَمِنْ آيَاتِهِ اللَّيْلُ وَالنَّهَارُ وَالشَّمْسُ وَالْقَمَرُ ۚ لَا تَسْجُدُوا لِلشَّمْسِ وَلَا لِلْقَمَرِ وَاسْجُدُوا لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَهُنَّ إِنْ كُنْتُمْ إِيَّاهُ تَعْبُدُونَ
Rina lan wengi, apadene srengenge lan rembulan iku kalebu ayat tandha - tandhane panguasane Allah. Sira aja padha sujud marang srengenge utawa rembulan, nanging padha sujuda ing Allah kang gawe srengenge lan rembulan mau. Manawa sira mligi nyembah marang panjenengane dhewe
فَإِنِ اسْتَكْبَرُوا فَالَّذِينَ عِنْدَ رَبِّكَ يُسَبِّحُونَ لَهُ بِاللَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَهُمْ لَا يَسْأَمُونَ ۩
Manawa manungsa padha gumedhe (ora gelem sujud ing Allah) ora dadi apa, awit para malaikat kang ana ngarsaning Allah pangeranira, padha nyebut Maha Suci ing Allah wayah rina wengi tanpa kendhat
وَمِنْ آيَاتِهِ أَنَّكَ تَرَى الْأَرْضَ خَاشِعَةً فَإِذَا أَنْزَلْنَا عَلَيْهَا الْمَاءَ اهْتَزَّتْ وَرَبَتْ ۚ إِنَّ الَّذِي أَحْيَاهَا لَمُحْيِي الْمَوْتَىٰ ۚ إِنَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Lan ana maneh kang kalebu ayating Allah, hiya iku sira handeleng bumi kang garing, bareng Ingsun turuni banyu udan banjur obah lan subur. Pangeran kang wis nguripake bumi mangkono mau mesthi kuasa nguripake wong kang wis padha mati. Satemene Allah iku nguasani samu barang

Choose other languages: