Quran Apps in many lanuages:

Surah Fussilat Ayahs #42 Translated in Jawa

فَإِنِ اسْتَكْبَرُوا فَالَّذِينَ عِنْدَ رَبِّكَ يُسَبِّحُونَ لَهُ بِاللَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَهُمْ لَا يَسْأَمُونَ ۩
Manawa manungsa padha gumedhe (ora gelem sujud ing Allah) ora dadi apa, awit para malaikat kang ana ngarsaning Allah pangeranira, padha nyebut Maha Suci ing Allah wayah rina wengi tanpa kendhat
وَمِنْ آيَاتِهِ أَنَّكَ تَرَى الْأَرْضَ خَاشِعَةً فَإِذَا أَنْزَلْنَا عَلَيْهَا الْمَاءَ اهْتَزَّتْ وَرَبَتْ ۚ إِنَّ الَّذِي أَحْيَاهَا لَمُحْيِي الْمَوْتَىٰ ۚ إِنَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Lan ana maneh kang kalebu ayating Allah, hiya iku sira handeleng bumi kang garing, bareng Ingsun turuni banyu udan banjur obah lan subur. Pangeran kang wis nguripake bumi mangkono mau mesthi kuasa nguripake wong kang wis padha mati. Satemene Allah iku nguasani samu barang
إِنَّ الَّذِينَ يُلْحِدُونَ فِي آيَاتِنَا لَا يَخْفَوْنَ عَلَيْنَا ۗ أَفَمَنْ يُلْقَىٰ فِي النَّارِ خَيْرٌ أَمْ مَنْ يَأْتِي آمِنًا يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۚ اعْمَلُوا مَا شِئْتُمْ ۖ إِنَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
Sarupane wong kang padha maido ayatingsun, ora pisan kasamaran mesthi Ingsun wales sapatute. Wong kang dicemplungake ing neraka, becik endi karo wong kang slamet besuk Qiyamat. Sarehne wis Ingsun terangake mulane manungsa padha nglakonana sakarepe. Satemene Allah iku miyarsani samu barang kang padha sira lakoni
إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِالذِّكْرِ لَمَّا جَاءَهُمْ ۖ وَإِنَّهُ لَكِتَابٌ عَزِيزٌ
Sarupane wong kang katekan al-Quran banjur maido, bakal langsung patrapi siksa. Awit iku kitab kang mulya
لَا يَأْتِيهِ الْبَاطِلُ مِنْ بَيْنِ يَدَيْهِ وَلَا مِنْ خَلْفِهِ ۖ تَنْزِيلٌ مِنْ حَكِيمٍ حَمِيدٍ
Durung tahu ana kitab kang memeca anggorohake al-Quran saka buri (sak durunge) utawa saka ngarep (sak wise) al-Quran iki tinurunake saka ngarsaning Pangeran kang wicaksana, pantes pinuji

Choose other languages: