Quran Apps in many lanuages:

Surah Fussilat Ayahs #5 Translated in Jawa

حم
Haa miiim
تَنْزِيلٌ مِنَ الرَّحْمَٰنِ الرَّحِيمِ
Al-Quran iki diturunake saka ngarsane Allah kang Maha murah tur Maha Asih
كِتَابٌ فُصِّلَتْ آيَاتُهُ قُرْآنًا عَرَبِيًّا لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ
Al-Quran iki nganggo tembung Arab, hiya iku kitab kang ayate diwijang - wijang tumrap wong kang padha weruh
بَشِيرًا وَنَذِيرًا فَأَعْرَضَ أَكْثَرُهُمْ فَهُمْ لَا يَسْمَعُونَ
Surasane al-Quran hambungahake marang wong kang bekti serta ngelingake wong kang duraka. Wong kafir kang akeh padha malengos, mulane padha ora ketaman surasane al-Quran
وَقَالُوا قُلُوبُنَا فِي أَكِنَّةٍ مِمَّا تَدْعُونَا إِلَيْهِ وَفِي آذَانِنَا وَقْرٌ وَمِنْ بَيْنِنَا وَبَيْنِكَ حِجَابٌ فَاعْمَلْ إِنَّنَا عَامِلُونَ
Wong kafir padha matur, "Ing manah kula wonten tutupipun tumrap puyambak ingkang dipun dhawuhaken dhateng kula punika sarta kupng kula punika awerat. Mekaten malih antawisipun kita punika wonten haling - haling. Mila prayoginipun sampyan nglampahana pandamel piyambak, kulaugi nglampahi pandamel piyambak

Choose other languages: