Quran Apps in many lanuages:

Surah Az-Zamar Ayahs #42 Translated in Jawa

وَلَئِنْ سَأَلْتَهُمْ مَنْ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ لَيَقُولُنَّ اللَّهُ ۚ قُلْ أَفَرَأَيْتُمْ مَا تَدْعُونَ مِنْ دُونِ اللَّهِ إِنْ أَرَادَنِيَ اللَّهُ بِضُرٍّ هَلْ هُنَّ كَاشِفَاتُ ضُرِّهِ أَوْ أَرَادَنِي بِرَحْمَةٍ هَلْ هُنَّ مُمْسِكَاتُ رَحْمَتِهِ ۚ قُلْ حَسْبِيَ اللَّهُ ۖ عَلَيْهِ يَتَوَكَّلُ الْمُتَوَكِّلُونَ
Upama sira handangu (marang si kafir), "Sapa kang gawe bumi lan langit", mesthi padha matur, "Ingkang damel inggih Allah". Sira dhawuha saiki piye mungguh panemumu barang liyane Allah kang padha kok sembah (brahala) manawa Allah bakal maringi reribet mau? Utawa menawa aku diparingi kabungahan dening Allah, brahala apa bisa murungake? (Muhammad) dhawuha, "Kang nyukupi aku mung Allah piyambak, wong kang padha ngandhel mesthi padha nyumanggakake sakarsaning Allah
قُلْ يَا قَوْمِ اعْمَلُوا عَلَىٰ مَكَانَتِكُمْ إِنِّي عَامِلٌ ۖ فَسَوْفَ تَعْلَمُونَ
(Muhammad) dhawuha, "Para ummatku padha banjurna anggonmu padha ngelakoni panggawean kang cocok karo panggonanmu, aku uga nglestarekake anggonku ngelakoni panggawean. Ing tembe kowe padha weruh
مَنْ يَأْتِيهِ عَذَابٌ يُخْزِيهِ وَيَحِلُّ عَلَيْهِ عَذَابٌ مُقِيمٌ
Pangeran kang nekakake siksa kang ngremehake marang wong kafir, bakal manggon ana siksa kang langgeng
إِنَّا أَنْزَلْنَا عَلَيْكَ الْكِتَابَ لِلنَّاسِ بِالْحَقِّ ۖ فَمَنِ اهْتَدَىٰ فَلِنَفْسِهِ ۖ وَمَنْ ضَلَّ فَإِنَّمَا يَضِلُّ عَلَيْهَا ۖ وَمَا أَنْتَ عَلَيْهِمْ بِوَكِيلٍ
Ingsun nurunake Kitab (al-Quran) marang sira (Muhammad) kelawan nyata kanggo nerangake marang manungsa. Sapa wonge oleh pituduh bener pakolehe marang awake dhewe, sapa sing malah kesasar patrapane hiya tumrap awake dhewe. Sira ora kuwajiban nanggung marang dheweke
اللَّهُ يَتَوَفَّى الْأَنْفُسَ حِينَ مَوْتِهَا وَالَّتِي لَمْ تَمُتْ فِي مَنَامِهَا ۖ فَيُمْسِكُ الَّتِي قَضَىٰ عَلَيْهَا الْمَوْتَ وَيُرْسِلُ الْأُخْرَىٰ إِلَىٰ أَجَلٍ مُسَمًّى ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ
Allah iku ngelulus nyawa (wong) nalikane matine. Dene wong kang durung wayahe mati, anggone ngelulus nalikane turu. Allah iku banjur nyimpeni nyawane wong kang dikersakake mati dene wong kang durung dikersakake mati nyawane dibalekake maneh ngenteni wewangen kang tinamtokake matine. Kang mangkono mahu tumrap wong kang gunakake pikire dadi tandha yekti kuwasaning Allah

Choose other languages: