Quran Apps in many lanuages:

Surah At-Tahrim Ayahs #5 Translated in Jawa

يَا أَيُّهَا النَّبِيُّ لِمَ تُحَرِّمُ مَا أَحَلَّ اللَّهُ لَكَ ۖ تَبْتَغِي مَرْضَاتَ أَزْوَاجِكَ ۚ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَحِيمٌ
O, Nabi! yagene sira anglarangi barang kang wis diwenangke dening Allah marang sira mung murih leganing atine para rabinira wae, Allah iku kepareng ngapura tur maha asih
قَدْ فَرَضَ اللَّهُ لَكُمْ تَحِلَّةَ أَيْمَانِكُمْ ۚ وَاللَّهُ مَوْلَاكُمْ ۖ وَهُوَ الْعَلِيمُ الْحَكِيمُ
Allah wis nindakake udare supatanira (sumpah nglarang ngombe madu kanggo nyenengake garwa - garwane nabi sarana bayar kaffarah yaiku merdekakake kawula) Allah iku Pangayomira, Allah iku nguningani tur wicaksana
وَإِذْ أَسَرَّ النَّبِيُّ إِلَىٰ بَعْضِ أَزْوَاجِهِ حَدِيثًا فَلَمَّا نَبَّأَتْ بِهِ وَأَظْهَرَهُ اللَّهُ عَلَيْهِ عَرَّفَ بَعْضَهُ وَأَعْرَضَ عَنْ بَعْضٍ ۖ فَلَمَّا نَبَّأَهَا بِهِ قَالَتْ مَنْ أَنْبَأَكَ هَٰذَا ۖ قَالَ نَبَّأَنِيَ الْعَلِيمُ الْخَبِيرُ
Lan nalika Nabi kelawan sideman aweh warta marang saweneh garwane (Hafsah) ananging bareng (Hafsah) amartakake kadadeyan mau (marang aisyah) sarta Allah paring weruh perkara iku marang panjenengane (nabi Muhammad) panjenengane paring weruh prakara mau (antarane Hafsah lan Aisyah) dheweke (Hafsah) matur, "Sinten ingkang amartosaken prakawis punika dhateng panjenengan?" Pangandikane (Nabi), "Ingkang Maha Wikan Ingkang Waspada kang martani aku
إِنْ تَتُوبَا إِلَى اللَّهِ فَقَدْ صَغَتْ قُلُوبُكُمَا ۖ وَإِنْ تَظَاهَرَا عَلَيْهِ فَإِنَّ اللَّهَ هُوَ مَوْلَاهُ وَجِبْرِيلُ وَصَالِحُ الْمُؤْمِنِينَ ۖ وَالْمَلَائِكَةُ بَعْدَ ذَٰلِكَ ظَهِيرٌ
Manawa sira sakaro (Hafsah lan Aisyah) padha taubat marang Allah, lan sayekti atinira wis tumiyung (mrono) lan manawa sira sakaro saiyeg bantu binantu lumawan panjenengane (Muhammad) sayekti Allah iku Pangayome, awit Allah lan Jibril apadenen para Mukmin kang becik padha nulungi Rasulullah sawise iku, para Malaikat uga padha nulungi
عَسَىٰ رَبُّهُ إِنْ طَلَّقَكُنَّ أَنْ يُبْدِلَهُ أَزْوَاجًا خَيْرًا مِنْكُنَّ مُسْلِمَاتٍ مُؤْمِنَاتٍ قَانِتَاتٍ تَائِبَاتٍ عَابِدَاتٍ سَائِحَاتٍ ثَيِّبَاتٍ وَأَبْكَارًا
Upama kelakon panjenengane (Muhammad) megat ing sira kabeh, bakal aparing leliru garwa kang luwih becik ngungkuli sira (yaiku) wong wadon Islam, percaya ing Allah, sumungkem/mituhu, ahli mratobat, bekti, dhemen poso, rondho tuwin prawan

Choose other languages: