Quran Apps in many lanuages:

Surah As-Saaffat Ayahs #117 Translated in Jawa

وَبَارَكْنَا عَلَيْهِ وَعَلَىٰ إِسْحَاقَ ۚ وَمِنْ ذُرِّيَّتِهِمَا مُحْسِنٌ وَظَالِمٌ لِنَفْسِهِ مُبِينٌ
Ingsun hamberkahi (Ibrahim) lan uga Ishak, anak turune nabi loro mau ana kang becik, percaya marang Insun, lan anak kang kafir, tetela nganiaya marang awake dhewe
وَلَقَدْ مَنَنَّا عَلَىٰ مُوسَىٰ وَهَارُونَ
Lan satemene Ingsun wis paring kabungahan marang Musa, lan Harun, (sakarone ingsun junjung dadi nabi)
وَنَجَّيْنَاهُمَا وَقَوْمَهُمَا مِنَ الْكَرْبِ الْعَظِيمِ
Lan Ingsun selamaetake Musa lan Harun lan kaume padha kalis saka pakewuh gedhe
وَنَصَرْنَاهُمْ فَكَانُوا هُمُ الْغَالِبِينَ
Ingsun tulungi wong Bani Israil kabeh ngalahake (Fir’aun) dadi wong sing menang
وَآتَيْنَاهُمَا الْكِتَابَ الْمُسْتَبِينَ
Ingsun maringi kitab (Taurat) kang luwih cetha

Choose other languages: