Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rum Ayahs #37 Translated in Jawa

وَإِذَا مَسَّ النَّاسَ ضُرٌّ دَعَوْا رَبَّهُمْ مُنِيبِينَ إِلَيْهِ ثُمَّ إِذَا أَذَاقَهُمْ مِنْهُ رَحْمَةً إِذَا فَرِيقٌ مِنْهُمْ بِرَبِّهِمْ يُشْرِكُونَ
Menawa manungsa kambuh ing reribet, banjur padha eling nyenyuwun marang Pangerane, luwara saka reribed mau. Sawise luwar manawa diparingi kabungahan dening Allah banjur ana sagolongan mangro tingal (musyrik)
لِيَكْفُرُوا بِمَا آتَيْنَاهُمْ ۚ فَتَمَتَّعُوا فَسَوْفَ تَعْلَمُونَ
Sahingga padha nyelaki anggoningsun paraing kabungahan marang dheweke. Lan padha bungah - bungaha, Ing tembe ora wurung padha weruh kadadeyane awake
أَمْ أَنْزَلْنَا عَلَيْهِمْ سُلْطَانًا فَهُوَ يَتَكَلَّمُ بِمَا كَانُوا بِهِ يُشْرِكُونَ
Apa Ingsun nurunake Kitab utawa tandha yekti marang wong kafir mangro tingal, ora wurung Kitab mahu muni, lan mratelakake prakara kang marakake dheweke kafir
وَإِذَا أَذَقْنَا النَّاسَ رَحْمَةً فَرِحُوا بِهَا ۖ وَإِنْ تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ بِمَا قَدَّمَتْ أَيْدِيهِمْ إِذَا هُمْ يَقْنَطُونَ
Nalikane Ingsun maringi kabungahan marang manungsa, banjur lega atine, nanging menawa kasandung barang kang hala, marga saka panggawe kang wis dilakoni dhewe ing kono banjur padha mutung, ora duwe pangarep - arep marang rahmate Allah
أَوَلَمْ يَرَوْا أَنَّ اللَّهَ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَشَاءُ وَيَقْدِرُ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ
Apa dheweke ora andeleng yen Allah iku paring rizki akeh marang wong kang dadi parenging kersane (ana uga wong kang diparingi rizki mung cumpen). Kang mangkono iku tumrap para wong Mukmin dadi tandha yekti kuwasaning Allah

Choose other languages: