Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rum Ayahs #39 Translated in Jawa

أَمْ أَنْزَلْنَا عَلَيْهِمْ سُلْطَانًا فَهُوَ يَتَكَلَّمُ بِمَا كَانُوا بِهِ يُشْرِكُونَ
Apa Ingsun nurunake Kitab utawa tandha yekti marang wong kafir mangro tingal, ora wurung Kitab mahu muni, lan mratelakake prakara kang marakake dheweke kafir
وَإِذَا أَذَقْنَا النَّاسَ رَحْمَةً فَرِحُوا بِهَا ۖ وَإِنْ تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ بِمَا قَدَّمَتْ أَيْدِيهِمْ إِذَا هُمْ يَقْنَطُونَ
Nalikane Ingsun maringi kabungahan marang manungsa, banjur lega atine, nanging menawa kasandung barang kang hala, marga saka panggawe kang wis dilakoni dhewe ing kono banjur padha mutung, ora duwe pangarep - arep marang rahmate Allah
أَوَلَمْ يَرَوْا أَنَّ اللَّهَ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَنْ يَشَاءُ وَيَقْدِرُ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ
Apa dheweke ora andeleng yen Allah iku paring rizki akeh marang wong kang dadi parenging kersane (ana uga wong kang diparingi rizki mung cumpen). Kang mangkono iku tumrap para wong Mukmin dadi tandha yekti kuwasaning Allah
فَآتِ ذَا الْقُرْبَىٰ حَقَّهُ وَالْمِسْكِينَ وَابْنَ السَّبِيلِ ۚ ذَٰلِكَ خَيْرٌ لِلَّذِينَ يُرِيدُونَ وَجْهَ اللَّهِ ۖ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ
Mulane sira mehenana marang para sanakira mingangka tandha sih katresnan apa dene marang para wong miskin lan wong kang melaku ana ing dadalan, (kang mrangguli kasangsaran) iku sira wehana apa benere kang mangkono iku tumrap wong kang ngarep - arep ganjaraning Allah, luwih dening becik wong kang mangkono mahu bakal padha begja
وَمَا آتَيْتُمْ مِنْ رِبًا لِيَرْبُوَ فِي أَمْوَالِ النَّاسِ فَلَا يَرْبُو عِنْدَ اللَّهِ ۖ وَمَا آتَيْتُمْ مِنْ زَكَاةٍ تُرِيدُونَ وَجْهَ اللَّهِ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُضْعِفُونَ
Dene anggonira padha weweh supaya diwale kang luwih saka pawehira (riba = tambahan) wong kang weweh mau ora bakal diganjar dening Allah. Dene yen sira weweh karepira maligi ngestokake dhawuhing Allah, sira bakal oleh ganjaran tikel pirang - pirang

Choose other languages: