Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rad Ayahs #5 Translated in Jawa

المر ۚ تِلْكَ آيَاتُ الْكِتَابِ ۗ وَالَّذِي أُنْزِلَ إِلَيْكَ مِنْ رَبِّكَ الْحَقُّ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يُؤْمِنُونَ
Ingsun, Allah, Ingkang-Ngu- danèni, Ingkang-Mirsani. Iki ayat-ayating Kitab;a lan apa kang kadhawuhaké marang sira saka Pangéranira iku barang yakti, ana- nging akèh-akèhing manusa padha ora angèstu
اللَّهُ الَّذِي رَفَعَ السَّمَاوَاتِ بِغَيْرِ عَمَدٍ تَرَوْنَهَا ۖ ثُمَّ اسْتَوَىٰ عَلَى الْعَرْشِ ۖ وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ ۖ كُلٌّ يَجْرِي لِأَجَلٍ مُسَمًّى ۚ يُدَبِّرُ الْأَمْرَ يُفَصِّلُ الْآيَاتِ لَعَلَّكُمْ بِلِقَاءِ رَبِّكُمْ تُوقِنُونَ
Allah iku Kang andhuwuraké langit-langit kalawan tanpa saka, kang kodeleng, sartab Panjenengané angasta purbawisésa ing karaton ikuc tuwin andadèkaké srengéngé lan rembulan alaladi , siji- sijiné anut lakuné dhéwé-dhéwé tumeka mangsa kang tinamtu; Pan- jenengané amranata sabarang rèh, anerangaké awijang tandha-tandha, supaya sira marang sapatemoning Pangéranira padha yakin
وَهُوَ الَّذِي مَدَّ الْأَرْضَ وَجَعَلَ فِيهَا رَوَاسِيَ وَأَنْهَارًا ۖ وَمِنْ كُلِّ الثَّمَرَاتِ جَعَلَ فِيهَا زَوْجَيْنِ اثْنَيْنِ ۖ يُغْشِي اللَّيْلَ النَّهَارَ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ
Lan Panjenengané iku kang wus anggelar bumi, sarta agawé gunung-gunung kang kukuh lan kali-kali ana ing kono, lan sarupa- ning woh-wohan ing kono Panje- nengané wus andadèkaké rong war- na; Panjenengané anutupaké wengi ing raina; sayekti, ing kéné iki temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha mikir-mikir
وَفِي الْأَرْضِ قِطَعٌ مُتَجَاوِرَاتٌ وَجَنَّاتٌ مِنْ أَعْنَابٍ وَزَرْعٌ وَنَخِيلٌ صِنْوَانٌ وَغَيْرُ صِنْوَانٍ يُسْقَىٰ بِمَاءٍ وَاحِدٍ وَنُفَضِّلُ بَعْضَهَا عَلَىٰ بَعْضٍ فِي الْأُكُلِ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَعْقِلُونَ
Lan ing bumi ana talatah- talatah kang sasandhingan sarta kebon-kebon anggur lan gandum sarta kurma mawa oyod siji lan mawa oyod béda- béda, _ padha dibanyoni kalawan banyu sawiji, lan ing dalem woh- ing kang sawenèh Ingsun luwihaké becik angungkuli sawenèhé; sayekti ing kéné iki temen ana tandha- tandha tumrap wong kang padha mangerti
وَإِنْ تَعْجَبْ فَعَجَبٌ قَوْلُهُمْ أَإِذَا كُنَّا تُرَابًا أَإِنَّا لَفِي خَلْقٍ جَدِيدٍ ۗ أُولَٰئِكَ الَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ ۖ وَأُولَٰئِكَ الْأَغْلَالُ فِي أَعْنَاقِهِمْ ۖ وَأُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ
Lan manawa sira gumun, lah pangucapé iya padha anggumun- aké: Apa! manawa aku wis dadi lemah, apa aku temen padha ana ing dalem titah kang anyar? Iki para kang padha kafir marang Pangérané lan iki ing guluné padha ana ranténé, sarta iki para wong- wonging geni; padha ana ing kono pamanggoné

Choose other languages: