Surah An-Nur Ayahs #44 Translated in Jawa
أَوْ كَظُلُمَاتٍ فِي بَحْرٍ لُجِّيٍّ يَغْشَاهُ مَوْجٌ مِنْ فَوْقِهِ مَوْجٌ مِنْ فَوْقِهِ سَحَابٌ ۚ ظُلُمَاتٌ بَعْضُهَا فَوْقَ بَعْضٍ إِذَا أَخْرَجَ يَدَهُ لَمْ يَكَدْ يَرَاهَا ۗ وَمَنْ لَمْ يَجْعَلِ اللَّهُ لَهُ نُورًا فَمَا لَهُ مِنْ نُورٍ
Utawa sanepane kaya pepeteng ana telenging segara, katempuh ing alun kang molak - malik. Sakdhuwure alun ana alun maneh, sakdhuwure alun mau ana mendhung. Dadi pepeteng mau tumpa - tumpa telung werna, petenge mendhung, petenge segara lan petenge alun, siji - sijine peteng mau numpangi petenge liyane, ing kono mau wong ndeleng tangane wae ora paja - paja weruh. Sing sapa ora diparingi pepadhang dening Allah dheweke iya ora duwe pepadang, dadi mesthi kesasar
أَلَمْ تَرَ أَنَّ اللَّهَ يُسَبِّحُ لَهُ مَنْ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَالطَّيْرُ صَافَّاتٍ ۖ كُلٌّ قَدْ عَلِمَ صَلَاتَهُ وَتَسْبِيحَهُ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ بِمَا يَفْعَلُونَ
Apa sira sumurp menawa kabeh barang kang ana ing langit lan bumi iku kabeh padha nyebut maha sucine Allah. Sanajan manuk iya padha ngegarake suwiwine ana ing awang - awang nyebut maha sucine Allah? Panjenengane Allah nguningani salate lan manggone maha nyucekake kawulane mau. Dene Allah iku ngudaneni marang kabeh barang kang padha dilakone dening para kawulane kang ana ing langit lan kang ana ing bumi
وَلِلَّهِ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ وَإِلَى اللَّهِ الْمَصِيرُ
Kratone langit lan bumi iku kagungane Allah, sarta kabeh iku bakal bali marang Allah
أَلَمْ تَرَ أَنَّ اللَّهَ يُزْجِي سَحَابًا ثُمَّ يُؤَلِّفُ بَيْنَهُ ثُمَّ يَجْعَلُهُ رُكَامًا فَتَرَى الْوَدْقَ يَخْرُجُ مِنْ خِلَالِهِ وَيُنَزِّلُ مِنَ السَّمَاءِ مِنْ جِبَالٍ فِيهَا مِنْ بَرَدٍ فَيُصِيبُ بِهِ مَنْ يَشَاءُ وَيَصْرِفُهُ عَنْ مَنْ يَشَاءُ ۖ يَكَادُ سَنَا بَرْقِهِ يَذْهَبُ بِالْأَبْصَارِ
Apa sira durung sumurup menawa Allah iku nglakokake mega, banjur nglumpukake, banjur nyarup nuli dadi mendung, nuli sira sumurup banyu udan metu saka tengahing mendung. Dene Allah nurunake udan es saking langit, (yaiku) saking (gumpalan - gumpalan mega kados) gunung - gunung, udan mau banjur nyiksa marang wong kang dikersakake lan uga nyingkiri wong kang dikersakake. Meh - meh cahyane kilat mau ngilangake pandeleng - pandeleng
يُقَلِّبُ اللَّهُ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَعِبْرَةً لِأُولِي الْأَبْصَارِ
Panjenengane Allah iku malah malihake rina lan wengi, kang mengkono mau kabeh yekti dadi piwulang tumrap wong kang duwe pikiran
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
