Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nur Ayahs #46 Translated in Jawa

وَلِلَّهِ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ وَإِلَى اللَّهِ الْمَصِيرُ
Kratone langit lan bumi iku kagungane Allah, sarta kabeh iku bakal bali marang Allah
أَلَمْ تَرَ أَنَّ اللَّهَ يُزْجِي سَحَابًا ثُمَّ يُؤَلِّفُ بَيْنَهُ ثُمَّ يَجْعَلُهُ رُكَامًا فَتَرَى الْوَدْقَ يَخْرُجُ مِنْ خِلَالِهِ وَيُنَزِّلُ مِنَ السَّمَاءِ مِنْ جِبَالٍ فِيهَا مِنْ بَرَدٍ فَيُصِيبُ بِهِ مَنْ يَشَاءُ وَيَصْرِفُهُ عَنْ مَنْ يَشَاءُ ۖ يَكَادُ سَنَا بَرْقِهِ يَذْهَبُ بِالْأَبْصَارِ
Apa sira durung sumurup menawa Allah iku nglakokake mega, banjur nglumpukake, banjur nyarup nuli dadi mendung, nuli sira sumurup banyu udan metu saka tengahing mendung. Dene Allah nurunake udan es saking langit, (yaiku) saking (gumpalan - gumpalan mega kados) gunung - gunung, udan mau banjur nyiksa marang wong kang dikersakake lan uga nyingkiri wong kang dikersakake. Meh - meh cahyane kilat mau ngilangake pandeleng - pandeleng
يُقَلِّبُ اللَّهُ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَعِبْرَةً لِأُولِي الْأَبْصَارِ
Panjenengane Allah iku malah malihake rina lan wengi, kang mengkono mau kabeh yekti dadi piwulang tumrap wong kang duwe pikiran
وَاللَّهُ خَلَقَ كُلَّ دَابَّةٍ مِنْ مَاءٍ ۖ فَمِنْهُمْ مَنْ يَمْشِي عَلَىٰ بَطْنِهِ وَمِنْهُمْ مَنْ يَمْشِي عَلَىٰ رِجْلَيْنِ وَمِنْهُمْ مَنْ يَمْشِي عَلَىٰ أَرْبَعٍ ۚ يَخْلُقُ اللَّهُ مَا يَشَاءُ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Panjenengane ALlah iku nitahake kabeh gegremetan (makhluk urip) saka banyu. Dene gegremetan mau ana kang lakune nlosor nganggo wetenge, lan ana kang lakune nganggo sikil loro, lan ana uga kang lakune brangkang nganggo sikil papat. Allah iku nitahake kabeh barang sak kersane. Saktemene Allah iku nguasani kabeh barang
لَقَدْ أَنْزَلْنَا آيَاتٍ مُبَيِّنَاتٍ ۚ وَاللَّهُ يَهْدِي مَنْ يَشَاءُ إِلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
Saktemene Ingsun wis nurunake al-Qur’an isi pirang - pirang ayat kang nerangake pernatane agama Islam. Allah iku paring pituduh wong kang dadi kersane marang dalan kang bener

Choose other languages: