Surah An-Nur Ayahs #29 Translated in Jawa
يَوْمَئِذٍ يُوَفِّيهِمُ اللَّهُ دِينَهُمُ الْحَقَّ وَيَعْلَمُونَ أَنَّ اللَّهَ هُوَ الْحَقُّ الْمُبِينُ
Iya ana ing dina iku Allah nuhoni janjine matrapi siksa marang wong kang tumindak dosa kanthi bener lan wong durhaka padha sumurup menawa Allah iku kang bener lan kang nereangake apa kang wis didhawuhake ana ing donya
الْخَبِيثَاتُ لِلْخَبِيثِينَ وَالْخَبِيثُونَ لِلْخَبِيثَاتِ ۖ وَالطَّيِّبَاتُ لِلطَّيِّبِينَ وَالطَّيِّبُونَ لِلطَّيِّبَاتِ ۚ أُولَٰئِكَ مُبَرَّءُونَ مِمَّا يَقُولُونَ ۖ لَهُمْ مَغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ
Wong - wong wadon kang tumindak ala iku patute kanggo wong - wong lanang kang tumindak ala, dene wong - wong lanang kang tumindak ala iku patute uga kanggo wong - wadon kang tumindak ala. Dene wong wadon kang tumindak becik iku patute kanggo wong - wong lanang kang tumindak becik, serta wong lanang kang tumindak becik iku patute kanggo wong - wong wadon kang tumindak becik. Wong - wong mau (siti ’Aisyah lan Sofwan) iku tetep resik saka ucapan wong - wong kang padha ndakwa mau, sarta dheweke bakal tampa pangapura sarta rejeki kang mulya
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَدْخُلُوا بُيُوتًا غَيْرَ بُيُوتِكُمْ حَتَّىٰ تَسْتَأْنِسُوا وَتُسَلِّمُوا عَلَىٰ أَهْلِهَا ۚ ذَٰلِكُمْ خَيْرٌ لَكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ
He wong kang padha iman sira aja mlebu omah kang dudu omahira, kajaba menawa wis pikanthuk palilahe kang duwe omah, lan kudu uluk salam marang kang ana omah kono. Iya kang mengkono iku kang luwih becik tumrap sira, supaya sira pikantuk pitutur (elinga lan ngestokna)
فَإِنْ لَمْ تَجِدُوا فِيهَا أَحَدًا فَلَا تَدْخُلُوهَا حَتَّىٰ يُؤْذَنَ لَكُمْ ۖ وَإِنْ قِيلَ لَكُمُ ارْجِعُوا فَارْجِعُوا ۖ هُوَ أَزْكَىٰ لَكُمْ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ عَلِيمٌ
Menawa omah iku pinuju suwung ora ana wong siji - sijia sira aja mlebu ing omah, ngentenana yen wis pikantuk palilahe kang duwe omah marang sira. Dene menawa anggonira njaluk palilahe diwangsuli, "Kowe balia", sira banjur iya baliya (aja mung ngadeg ana ing ngarep lawang wae). kang mengkono iku luwih prayoga marang sira. Dene Allah iku ngudaneni marang kabeh barang kang padha ditindakake dening wong - wong mau
لَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ أَنْ تَدْخُلُوا بُيُوتًا غَيْرَ مَسْكُونَةٍ فِيهَا مَتَاعٌ لَكُمْ ۚ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا تُبْدُونَ وَمَا تَكْتُمُونَ
Lan sira ora kapatrapan dosa klebu omah kang ora dinggoni wong kang temtu malah sira duwe wewenang sawatara marang omah mau (ngeyup, leren lan sakpadane kayata srambi, pondokan kang disediyakake lan sakpanunggalane). Dene Allah iku nguningani kabeh kang sira lahirake lan kang sira umpetake
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
