Surah An-Nur Ayahs #31 Translated in Jawa
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَدْخُلُوا بُيُوتًا غَيْرَ بُيُوتِكُمْ حَتَّىٰ تَسْتَأْنِسُوا وَتُسَلِّمُوا عَلَىٰ أَهْلِهَا ۚ ذَٰلِكُمْ خَيْرٌ لَكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ
He wong kang padha iman sira aja mlebu omah kang dudu omahira, kajaba menawa wis pikanthuk palilahe kang duwe omah, lan kudu uluk salam marang kang ana omah kono. Iya kang mengkono iku kang luwih becik tumrap sira, supaya sira pikantuk pitutur (elinga lan ngestokna)
فَإِنْ لَمْ تَجِدُوا فِيهَا أَحَدًا فَلَا تَدْخُلُوهَا حَتَّىٰ يُؤْذَنَ لَكُمْ ۖ وَإِنْ قِيلَ لَكُمُ ارْجِعُوا فَارْجِعُوا ۖ هُوَ أَزْكَىٰ لَكُمْ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ عَلِيمٌ
Menawa omah iku pinuju suwung ora ana wong siji - sijia sira aja mlebu ing omah, ngentenana yen wis pikantuk palilahe kang duwe omah marang sira. Dene menawa anggonira njaluk palilahe diwangsuli, "Kowe balia", sira banjur iya baliya (aja mung ngadeg ana ing ngarep lawang wae). kang mengkono iku luwih prayoga marang sira. Dene Allah iku ngudaneni marang kabeh barang kang padha ditindakake dening wong - wong mau
لَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ أَنْ تَدْخُلُوا بُيُوتًا غَيْرَ مَسْكُونَةٍ فِيهَا مَتَاعٌ لَكُمْ ۚ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا تُبْدُونَ وَمَا تَكْتُمُونَ
Lan sira ora kapatrapan dosa klebu omah kang ora dinggoni wong kang temtu malah sira duwe wewenang sawatara marang omah mau (ngeyup, leren lan sakpadane kayata srambi, pondokan kang disediyakake lan sakpanunggalane). Dene Allah iku nguningani kabeh kang sira lahirake lan kang sira umpetake
قُلْ لِلْمُؤْمِنِينَ يَغُضُّوا مِنْ أَبْصَارِهِمْ وَيَحْفَظُوا فُرُوجَهُمْ ۚ ذَٰلِكَ أَزْكَىٰ لَهُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا يَصْنَعُونَ
(Muhammad) sira dhawuha marang para wong mukmin lanang dheweke ngeremake mripake (saka haram) lan supaya padha rumeksa mrang kehormatane dhewe - dhewe (saka tindak zina). Kang mengkono iku luwih prayoga (suci) tumrap dheweke. Saktemene Allah iku maha Waspada marang barang kang padha ditindakake dening wong - wong mau
وَقُلْ لِلْمُؤْمِنَاتِ يَغْضُضْنَ مِنْ أَبْصَارِهِنَّ وَيَحْفَظْنَ فُرُوجَهُنَّ وَلَا يُبْدِينَ زِينَتَهُنَّ إِلَّا مَا ظَهَرَ مِنْهَا ۖ وَلْيَضْرِبْنَ بِخُمُرِهِنَّ عَلَىٰ جُيُوبِهِنَّ ۖ وَلَا يُبْدِينَ زِينَتَهُنَّ إِلَّا لِبُعُولَتِهِنَّ أَوْ آبَائِهِنَّ أَوْ آبَاءِ بُعُولَتِهِنَّ أَوْ أَبْنَائِهِنَّ أَوْ أَبْنَاءِ بُعُولَتِهِنَّ أَوْ إِخْوَانِهِنَّ أَوْ بَنِي إِخْوَانِهِنَّ أَوْ بَنِي أَخَوَاتِهِنَّ أَوْ نِسَائِهِنَّ أَوْ مَا مَلَكَتْ أَيْمَانُهُنَّ أَوِ التَّابِعِينَ غَيْرِ أُولِي الْإِرْبَةِ مِنَ الرِّجَالِ أَوِ الطِّفْلِ الَّذِينَ لَمْ يَظْهَرُوا عَلَىٰ عَوْرَاتِ النِّسَاءِ ۖ وَلَا يَضْرِبْنَ بِأَرْجُلِهِنَّ لِيُعْلَمَ مَا يُخْفِينَ مِنْ زِينَتِهِنَّ ۚ وَتُوبُوا إِلَى اللَّهِ جَمِيعًا أَيُّهَ الْمُؤْمِنُونَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
Lan (Muhammad) sira dhawuha marang para wong mukmin wadon, supaya dheweke padha ngeremake mripate (saka haram) lan supaya padha dumeksa marang kehormatane dhewe - dhewe (saka tindak zina) lan aja ngatonake pepaese (rerenggane), kajaba pepaes (rerenggan) kang adate wis katon. Lan supaya padha nutupana sirah, gulu tumeka dhadha kelawan kudhunge sarta aja ngatonake pepaesane (rerenggane) kajaba marang bojone, utawa marang bapak - bapakne, utawa marang bapak - bapakne bojone, utawa marang anak - anake, utawa anak - anake bojone utawa marang sedulur - sedulure lanang utawa anak - anake sedulure wadon, utawa marang wong - wong wadon liya utawa wong wadon amat (kang dimiliki dening tangan tengene) utawa pengiring - pengiringe (wong tuwa) kang wis ora duwe syahwat marang wong wadon, utawa marang bocah lanang kang durung nglahirake (karep syahwat) marang aurat - aurate wong wadon. Lan menawa mlaku, anggone tumindak aja seru - seru, murih katona renggane (pepaese) kang mesthine ora katon. He para wong mukmin sira kabeh padha tobata marang Allah, supaya sira padha pikantuk kabegjan
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
