Surah An-Nur Ayahs #34 Translated in Jawa
قُلْ لِلْمُؤْمِنِينَ يَغُضُّوا مِنْ أَبْصَارِهِمْ وَيَحْفَظُوا فُرُوجَهُمْ ۚ ذَٰلِكَ أَزْكَىٰ لَهُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا يَصْنَعُونَ
(Muhammad) sira dhawuha marang para wong mukmin lanang dheweke ngeremake mripake (saka haram) lan supaya padha rumeksa mrang kehormatane dhewe - dhewe (saka tindak zina). Kang mengkono iku luwih prayoga (suci) tumrap dheweke. Saktemene Allah iku maha Waspada marang barang kang padha ditindakake dening wong - wong mau
وَقُلْ لِلْمُؤْمِنَاتِ يَغْضُضْنَ مِنْ أَبْصَارِهِنَّ وَيَحْفَظْنَ فُرُوجَهُنَّ وَلَا يُبْدِينَ زِينَتَهُنَّ إِلَّا مَا ظَهَرَ مِنْهَا ۖ وَلْيَضْرِبْنَ بِخُمُرِهِنَّ عَلَىٰ جُيُوبِهِنَّ ۖ وَلَا يُبْدِينَ زِينَتَهُنَّ إِلَّا لِبُعُولَتِهِنَّ أَوْ آبَائِهِنَّ أَوْ آبَاءِ بُعُولَتِهِنَّ أَوْ أَبْنَائِهِنَّ أَوْ أَبْنَاءِ بُعُولَتِهِنَّ أَوْ إِخْوَانِهِنَّ أَوْ بَنِي إِخْوَانِهِنَّ أَوْ بَنِي أَخَوَاتِهِنَّ أَوْ نِسَائِهِنَّ أَوْ مَا مَلَكَتْ أَيْمَانُهُنَّ أَوِ التَّابِعِينَ غَيْرِ أُولِي الْإِرْبَةِ مِنَ الرِّجَالِ أَوِ الطِّفْلِ الَّذِينَ لَمْ يَظْهَرُوا عَلَىٰ عَوْرَاتِ النِّسَاءِ ۖ وَلَا يَضْرِبْنَ بِأَرْجُلِهِنَّ لِيُعْلَمَ مَا يُخْفِينَ مِنْ زِينَتِهِنَّ ۚ وَتُوبُوا إِلَى اللَّهِ جَمِيعًا أَيُّهَ الْمُؤْمِنُونَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
Lan (Muhammad) sira dhawuha marang para wong mukmin wadon, supaya dheweke padha ngeremake mripate (saka haram) lan supaya padha dumeksa marang kehormatane dhewe - dhewe (saka tindak zina) lan aja ngatonake pepaese (rerenggane), kajaba pepaes (rerenggan) kang adate wis katon. Lan supaya padha nutupana sirah, gulu tumeka dhadha kelawan kudhunge sarta aja ngatonake pepaesane (rerenggane) kajaba marang bojone, utawa marang bapak - bapakne, utawa marang bapak - bapakne bojone, utawa marang anak - anake, utawa anak - anake bojone utawa marang sedulur - sedulure lanang utawa anak - anake sedulure wadon, utawa marang wong - wong wadon liya utawa wong wadon amat (kang dimiliki dening tangan tengene) utawa pengiring - pengiringe (wong tuwa) kang wis ora duwe syahwat marang wong wadon, utawa marang bocah lanang kang durung nglahirake (karep syahwat) marang aurat - aurate wong wadon. Lan menawa mlaku, anggone tumindak aja seru - seru, murih katona renggane (pepaese) kang mesthine ora katon. He para wong mukmin sira kabeh padha tobata marang Allah, supaya sira padha pikantuk kabegjan
وَأَنْكِحُوا الْأَيَامَىٰ مِنْكُمْ وَالصَّالِحِينَ مِنْ عِبَادِكُمْ وَإِمَائِكُمْ ۚ إِنْ يَكُونُوا فُقَرَاءَ يُغْنِهِمُ اللَّهُ مِنْ فَضْلِهِ ۗ وَاللَّهُ وَاسِعٌ عَلِيمٌ
Lan sira padha ngomah - ngomahna (nikahna) wong wadonira kang isih legan, sarta pada kawulanira lan umatira kang mukmin lan saleh. Menawa dheweke padha fakir, Allah bakal paring kecukupan (paring kesugihan) marang dheweke awit saka kanugrahane. Dene Allah iku maha Jembar lan Maha Ngudaneni
وَلْيَسْتَعْفِفِ الَّذِينَ لَا يَجِدُونَ نِكَاحًا حَتَّىٰ يُغْنِيَهُمُ اللَّهُ مِنْ فَضْلِهِ ۗ وَالَّذِينَ يَبْتَغُونَ الْكِتَابَ مِمَّا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ فَكَاتِبُوهُمْ إِنْ عَلِمْتُمْ فِيهِمْ خَيْرًا ۖ وَآتُوهُمْ مِنْ مَالِ اللَّهِ الَّذِي آتَاكُمْ ۚ وَلَا تُكْرِهُوا فَتَيَاتِكُمْ عَلَى الْبِغَاءِ إِنْ أَرَدْنَ تَحَصُّنًا لِتَبْتَغُوا عَرَضَ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۚ وَمَنْ يُكْرِهْهُنَّ فَإِنَّ اللَّهَ مِنْ بَعْدِ إِكْرَاهِهِنَّ غَفُورٌ رَحِيمٌ
LAn kabeh wong kang ora duwe weragad kanggo rabi, becik dipadha ngati - ati rumeksa awake dhewe, nyingkiri zina, ngentenana nganti diparingi kecukupan (kesugihan) dening Allah saka kanugrahane. Dene para kawulanira lan amat ira (wong kang dimiliki dening tangan tengenira), menawa duwe penyuwun merdika sarana nicil anggone mbayar sarta sira pikir prayoga, iya sira turutna kawula mau anggone nicil, sira urunana nganggo bandha peparinge Allah marang sira. Sarehne para kawulanira padha wajib rumeksa awake dhewe - dhewe, sira aja meksa nindakake zina marang para amatira (kawulanira), murih sira pikatuk untung kebungahan ing donya. Dene sing sapa meksa nindakake laku zina marang amate (kawulane), iku sumurupa, sawise kelakon dumindak zina, Allah paring pangapura sarta rahmat marang amatira (kawulanira) kang dipeksa zina mau, dene bendara kang meksa, menawa banjur tobat, iya uga diparingi pangapura
وَلَقَدْ أَنْزَلْنَا إِلَيْكُمْ آيَاتٍ مُبَيِّنَاتٍ وَمَثَلًا مِنَ الَّذِينَ خَلَوْا مِنْ قَبْلِكُمْ وَمَوْعِظَةً لِلْمُتَّقِينَ
He manungsa, Ingsun wis nurunake ayat pirang - pirang marang sira, kang nerangake ala lan becik, lan nerangake tepa tuladha tumindake para wong - wong sadurungira, lan wis nerangake minangka pitutur tumrap wong kang padha wedi ing Allah
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
