Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #100 Translated in Jawa

دَرَجَاتٍ مِنْهُ وَمَغْفِرَةً وَرَحْمَةً ۚ وَكَانَ اللَّهُ غَفُورًا رَحِيمًا
Darajat-darajat saka Panjenengané, sarta pangayomana tuwin wilasa, lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih
إِنَّ الَّذِينَ تَوَفَّاهُمُ الْمَلَائِكَةُ ظَالِمِي أَنْفُسِهِمْ قَالُوا فِيمَ كُنْتُمْ ۖ قَالُوا كُنَّا مُسْتَضْعَفِينَ فِي الْأَرْضِ ۚ قَالُوا أَلَمْ تَكُنْ أَرْضُ اللَّهِ وَاسِعَةً فَتُهَاجِرُوا فِيهَا ۚ فَأُولَٰئِكَ مَأْوَاهُمْ جَهَنَّمُ ۖ وَسَاءَتْ مَصِيرًا
Sayekti para malaikat, mana- wa amatèni para kang padha atin- dak dudu marang jiwané dhèwé, padha calathu: Kapriyé kahanan- ira? Bakal padha mangsuli: Kula punika sami apes wonten ing bumi. Bakal padha calathu: Apa buminé Allah iku ora jembar, dadi sira pa- dha bisa ngalih ing kono? Mulané, ya iki kang padunungané naraka, lan iki papan kang ala
إِلَّا الْمُسْتَضْعَفِينَ مِنَ الرِّجَالِ وَالنِّسَاءِ وَالْوِلْدَانِ لَا يَسْتَطِيعُونَ حِيلَةً وَلَا يَهْتَدُونَ سَبِيلًا
Kajaba wong-wong lanang lan wong-wong wadon lan bocah- bocah kang padha apes, kang padha ora kuwat saranané lan ora éntuk dalan
فَأُولَٰئِكَ عَسَى اللَّهُ أَنْ يَعْفُوَ عَنْهُمْ ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَفُوًّا غَفُورًا
Mulané, ya iki, manawa- manawa Allah kapareng amuwung dhèwèké, lan Allah iku ambek Amuwung, Aparamarta
وَمَنْ يُهَاجِرْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ يَجِدْ فِي الْأَرْضِ مُرَاغَمًا كَثِيرًا وَسَعَةً ۚ وَمَنْ يَخْرُجْ مِنْ بَيْتِهِ مُهَاجِرًا إِلَى اللَّهِ وَرَسُولِهِ ثُمَّ يُدْرِكْهُ الْمَوْتُ فَقَدْ وَقَعَ أَجْرُهُ عَلَى اللَّهِ ۗ وَكَانَ اللَّهُ غَفُورًا رَحِيمًا
Lan sapa sing angili ing dadalaning Allah, ana ing bumi bakal nemu enggon pangungsèn sapirang-pirang sarta sumber pa- ngupajiwa kang ambludag; lan sapa sing metu atinggal balé omahé, lumayu marang Allah lan Utusan-É, tumuli pati anututi dhèwèké, lah ganjarané temen ana ing Allah, lan Allah iku Apara- marta, Mahaasih

Choose other languages: