Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #54 Translated in Jawa

انْظُرْ كَيْفَ يَفْتَرُونَ عَلَى اللَّهِ الْكَذِبَ ۖ وَكَفَىٰ بِهِ إِثْمًا مُبِينًا
Sira ndelenga kepriye anggone wong-wong mau padha gawe gegorohan marang ngersane Allah, lan wis cukup mengkono iku (dadi) sawijining dosa kang tetela
أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ أُوتُوا نَصِيبًا مِنَ الْكِتَابِ يُؤْمِنُونَ بِالْجِبْتِ وَالطَّاغُوتِ وَيَقُولُونَ لِلَّذِينَ كَفَرُوا هَٰؤُلَاءِ أَهْدَىٰ مِنَ الَّذِينَ آمَنُوا سَبِيلًا
Apa sira (Muhammad) durung sumurup marang wong-wong kang padha wis diparingi panduman saka kitab? Dheweke padha percaya marang berhala kang aran Jibti lan Thaghut, sarta padha ngucap marang kancane kang padha kafir, menawa wong-wong mau luwih oleh pituduh marang dalan kang bener ngungkuli wong-wong kang padha percaya
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ لَعَنَهُمُ اللَّهُ ۖ وَمَنْ يَلْعَنِ اللَّهُ فَلَنْ تَجِدَ لَهُ نَصِيرًا
Wong kang mengkono iku tetap padha dibendoni (dila’nati) dening Allah, wis mesthi ora ana kang bisa nulungi
أَمْ لَهُمْ نَصِيبٌ مِنَ الْمُلْكِ فَإِذًا لَا يُؤْتُونَ النَّاسَ نَقِيرًا
Apa wong mengkono mau padha duwe panduman Keratoning Allah (ora). Wong mengkono mau ora pisan-pisan gelem weweh sethithik-thithika marang para manungsa
أَمْ يَحْسُدُونَ النَّاسَ عَلَىٰ مَا آتَاهُمُ اللَّهُ مِنْ فَضْلِهِ ۖ فَقَدْ آتَيْنَا آلَ إِبْرَاهِيمَ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَآتَيْنَاهُمْ مُلْكًا عَظِيمًا
Apa ta padha andrengkèni para manusa déning anggoné padha kaparingan déning Allah arupa lubèring kadarman-É? Lah temen Ingsun wis amaringi Kitab lan kawicaksanan para dharah Ibrahim, sarta wus padha Ingsun paringi karaton kang gedhé

Choose other languages: