Surah An-Nisa Ayahs #43 Translated in Jawa
وَمَاذَا عَلَيْهِمْ لَوْ آمَنُوا بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَأَنْفَقُوا مِمَّا رَزَقَهُمُ اللَّهُ ۚ وَكَانَ اللَّهُ بِهِمْ عَلِيمًا
Apa ta pakewuhe upama wong-wong padha gelem percaya marang Allah lan dina Qiyamat sarta padha gelem ndermakake bandha kang wis diparingke dening Allah? Allah iku ngudaneni marang wong-wong mau kabeh
إِنَّ اللَّهَ لَا يَظْلِمُ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ ۖ وَإِنْ تَكُ حَسَنَةً يُضَاعِفْهَا وَيُؤْتِ مِنْ لَدُنْهُ أَجْرًا عَظِيمًا
Satemene Allah iku ora kersa nganiaya sanajan mung sabobote semut kang cilik. Dene menawa ana amal-amale iku becik, Allah bakal maringi ganjarane tikel-matikel, sarta bakal maringi ganjaran kang agung saka ngarsane
فَكَيْفَ إِذَا جِئْنَا مِنْ كُلِّ أُمَّةٍ بِشَهِيدٍ وَجِئْنَا بِكَ عَلَىٰ هَٰؤُلَاءِ شَهِيدًا
Kapriye bakal kedadeyane wong-wong kafir mau besuk nalika Ingsun nekakake saksi saka saben-saben ummat, lan Ingsun nekakake sira (Muhammad) supaya dadi saksi tumrap wong-wong kafir mau
يَوْمَئِذٍ يَوَدُّ الَّذِينَ كَفَرُوا وَعَصَوُا الرَّسُولَ لَوْ تُسَوَّىٰ بِهِمُ الْأَرْضُ وَلَا يَكْتُمُونَ اللَّهَ حَدِيثًا
Ing dina iku sarupaning wong-wong kafir lan wong-wong kang padha duraka ing Rasul, luwih seneng (bungah) awake sirna dadi lemah, lan padha ora bisa ngumpetake paturan marang Allah nelaki tumindake kang ala kang wis ditindakake
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَقْرَبُوا الصَّلَاةَ وَأَنْتُمْ سُكَارَىٰ حَتَّىٰ تَعْلَمُوا مَا تَقُولُونَ وَلَا جُنُبًا إِلَّا عَابِرِي سَبِيلٍ حَتَّىٰ تَغْتَسِلُوا ۚ وَإِنْ كُنْتُمْ مَرْضَىٰ أَوْ عَلَىٰ سَفَرٍ أَوْ جَاءَ أَحَدٌ مِنْكُمْ مِنَ الْغَائِطِ أَوْ لَامَسْتُمُ النِّسَاءَ فَلَمْ تَجِدُوا مَاءً فَتَيَمَّمُوا صَعِيدًا طَيِّبًا فَامْسَحُوا بِوُجُوهِكُمْ وَأَيْدِيكُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَفُوًّا غَفُورًا
He wong kang padha mukmin kabeh, sira aja padha nindakake sholat menawa sira lagi mendem, kajaba menawa sira kabeh wis padha mangerti apa kang sira ucapake, lan aja padha nindakake shalat menawa sira padha junub (mentas cumbana), kajaba wong kang pinuju lelungan, lumaku ana ing dedalan, nganti sira padha adus. Dene yen sira pinuju lara utawa ana sajroning lelungan, utawa salah sawiji nira mentas teka saka jamban, utawa sira senggolan karo wong wadon (cumbana), iku yen sira padha ora oleh bangu, sira banjur padha tayamum nganggo lebu kang resik (suci), nuli padha ngusapa rahinira lan tanganira. Satemene Allah iku Maha Agung sarta Maha Pangapura
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
