Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #45 Translated in Jawa

فَكَيْفَ إِذَا جِئْنَا مِنْ كُلِّ أُمَّةٍ بِشَهِيدٍ وَجِئْنَا بِكَ عَلَىٰ هَٰؤُلَاءِ شَهِيدًا
Kapriye bakal kedadeyane wong-wong kafir mau besuk nalika Ingsun nekakake saksi saka saben-saben ummat, lan Ingsun nekakake sira (Muhammad) supaya dadi saksi tumrap wong-wong kafir mau
يَوْمَئِذٍ يَوَدُّ الَّذِينَ كَفَرُوا وَعَصَوُا الرَّسُولَ لَوْ تُسَوَّىٰ بِهِمُ الْأَرْضُ وَلَا يَكْتُمُونَ اللَّهَ حَدِيثًا
Ing dina iku sarupaning wong-wong kafir lan wong-wong kang padha duraka ing Rasul, luwih seneng (bungah) awake sirna dadi lemah, lan padha ora bisa ngumpetake paturan marang Allah nelaki tumindake kang ala kang wis ditindakake
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَقْرَبُوا الصَّلَاةَ وَأَنْتُمْ سُكَارَىٰ حَتَّىٰ تَعْلَمُوا مَا تَقُولُونَ وَلَا جُنُبًا إِلَّا عَابِرِي سَبِيلٍ حَتَّىٰ تَغْتَسِلُوا ۚ وَإِنْ كُنْتُمْ مَرْضَىٰ أَوْ عَلَىٰ سَفَرٍ أَوْ جَاءَ أَحَدٌ مِنْكُمْ مِنَ الْغَائِطِ أَوْ لَامَسْتُمُ النِّسَاءَ فَلَمْ تَجِدُوا مَاءً فَتَيَمَّمُوا صَعِيدًا طَيِّبًا فَامْسَحُوا بِوُجُوهِكُمْ وَأَيْدِيكُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَفُوًّا غَفُورًا
He wong kang padha mukmin kabeh, sira aja padha nindakake sholat menawa sira lagi mendem, kajaba menawa sira kabeh wis padha mangerti apa kang sira ucapake, lan aja padha nindakake shalat menawa sira padha junub (mentas cumbana), kajaba wong kang pinuju lelungan, lumaku ana ing dedalan, nganti sira padha adus. Dene yen sira pinuju lara utawa ana sajroning lelungan, utawa salah sawiji nira mentas teka saka jamban, utawa sira senggolan karo wong wadon (cumbana), iku yen sira padha ora oleh bangu, sira banjur padha tayamum nganggo lebu kang resik (suci), nuli padha ngusapa rahinira lan tanganira. Satemene Allah iku Maha Agung sarta Maha Pangapura
أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ أُوتُوا نَصِيبًا مِنَ الْكِتَابِ يَشْتَرُونَ الضَّلَالَةَ وَيُرِيدُونَ أَنْ تَضِلُّوا السَّبِيلَ
Apa sira Muhammad ora sumurup wong-wong kang diparingi Kitab (Yahudi lan Nasrani) malah padha ngijoli kanthi barang sasar sarta padha duwe karep arep nasarake marang sira saka dalan kang bener
وَاللَّهُ أَعْلَمُ بِأَعْدَائِكُمْ ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ وَلِيًّا وَكَفَىٰ بِاللَّهِ نَصِيرًا
Dene Allah iku ngudaneni marang para saterunira. Lan pangreksane Allah wis cukup marang sira. Lan semono uga pangayomane Allah marang sira iya wis cukup

Choose other languages: