Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #167 Translated in Jawa

إِنَّا أَوْحَيْنَا إِلَيْكَ كَمَا أَوْحَيْنَا إِلَىٰ نُوحٍ وَالنَّبِيِّينَ مِنْ بَعْدِهِ ۚ وَأَوْحَيْنَا إِلَىٰ إِبْرَاهِيمَ وَإِسْمَاعِيلَ وَإِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ وَالْأَسْبَاطِ وَعِيسَىٰ وَأَيُّوبَ وَيُونُسَ وَهَارُونَ وَسُلَيْمَانَ ۚ وَآتَيْنَا دَاوُودَ زَبُورًا
Sayekti Ingsun amedhar sabda marang sira kaya anggon- Ingsun amedhar sabda marang Nuh sarta para nabi ing sapungkuré, lan Ingsun amedhar sabda marang Ibrahim lan Isma’il lan Ishaq lan Ya’qub sarta para Pancer, lan ‘Isa lan Ayyub lan Yunus lan Harun, lan Sulaiman sarta Ingsun amaringi tulis marang Dawud
وَرُسُلًا قَدْ قَصَصْنَاهُمْ عَلَيْكَ مِنْ قَبْلُ وَرُسُلًا لَمْ نَقْصُصْهُمْ عَلَيْكَ ۚ وَكَلَّمَ اللَّهُ مُوسَىٰ تَكْلِيمًا
Lan para utusan kang ing sadurungé wus padha Ingsun caritakaké marang sira lan para utusan kang padha ora Ingsun caritakaké marang sira; lan Allah angandikani Musa kalawan pangandika
رُسُلًا مُبَشِّرِينَ وَمُنْذِرِينَ لِئَلَّا يَكُونَ لِلنَّاسِ عَلَى اللَّهِ حُجَّةٌ بَعْدَ الرُّسُلِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَزِيزًا حَكِيمًا
para utu- san, minangka juru-warta bubu- ngah sarta juru pépéling, supaya para manusa aja padha duwé kojah amadoni Allah ing sawisé para utusan; lan Allah iku Minulya, Wicaksana
لَٰكِنِ اللَّهُ يَشْهَدُ بِمَا أَنْزَلَ إِلَيْكَ ۖ أَنْزَلَهُ بِعِلْمِهِ ۖ وَالْمَلَائِكَةُ يَشْهَدُونَ ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ شَهِيدًا
Ananging Allah aneksèni kalawan apa kang wus dhumawuh marang sira, kang dhumawuhé kalawan ngélmu-Né, sarta para malaikat padha aneksèni; lan wis cukup Allah minangka saksi
إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا وَصَدُّوا عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ قَدْ ضَلُّوا ضَلَالًا بَعِيدًا
Sayekti, para kang padha kafir sarta angalang-alangi saka dadalaning Allah – temen padha sasar kalawan sasar kang adoh

Choose other languages: